Contoh PDF Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru 2023 Singkat Padat Jelas: Keistimewaan Ibadah di Bulan Rajab

- 2 Februari 2023, 20:45 WIB
Teks Khutbah Jumat Menyambut Tahun Baru Islam 1 Muharram 1443 H : Spirit Hijrah Tahun Baru Hijriyah 2021 M
Teks Khutbah Jumat Menyambut Tahun Baru Islam 1 Muharram 1443 H : Spirit Hijrah Tahun Baru Hijriyah 2021 M /Abdul Rosyid/Portal Pati

Wulan Rajab meniko ugi dipun wastani Al-Ashom, inggih meniko wulan tuli utawi budeg keranten mboten nate enten suwanten perang ing lebetipun wulan Rajab. Dipun wastani wulan Rajam keranten ing wulan Rajab Allah ngerajam musuh-musuhipun lan poro setan, sehinggo mboten ganggu poro aulia lan sholihin.

Wulan Rajab ugi dipun wastani wulan Ashab, inggih meniko wulan mandhapipun rohmat kagem kawulo-kawulonipun Allah ingkang purun taubat.

Wulan Rajab yoiku wulan ingkang katah sanget keitimewaanipun, wonten ing wulan niki umat Islam dipun anjuraken supados ngatah-ngatahaken ibadah kados poso sunnah Rajab. Kanjeng Nabi Muhammad SAW ugi ngelampahi siyam Rajab kados hadist ingkang dipun diwayataken Bukhori Muslim.

حدثنا عثمان بن حكيم الأنصاري، قال: سألت سعيد بن جبير عن صوم رجب ونحن يومئذ في رجب، فقال: سمعت ابن عباس رضي الله عنهما يقول: كان رسول الله صلى الله عليه وسلم يصوم حتى نقول لا يفطر، ويفطر حتى نقول لا يصوم

Artosipun: “Utsman bin Hakim al-Anshari ngucap, ‘Aku pernah takon marang Ibnu Jubair soal poso Rajab lan waktu iku ono ing wulan Rajab. Said njawab, ‘Aku krungu Ibnu Abbas ngucap bilih Rasulallah SAW poso sampek-sampek kito ngiro beliau bendino poso, lan beliau ora poso sampek-sampek kito ngiro beliau mboten poso,’” (HR Muslim).

Ma’asyiral Muslimin Rahimakumullah…

Selain ngatah-ngatahaken poso sunnah, kito sedoyo dipun anjuraken ngatahaken maos Istighfar lan maos tasbih.

Tasbih meniko maksudtipun menopo? Waosan tasbih utawi kalimat tasbih meniko ugi dipun wastani kalimat thayyibah. Waosan tasbih meniko ugi salah setunggal waosan dzikir, keranten meniko ugi dipun wastani kalimat dzikir.

Maos tasbih ing wulan Rajab meniko gadhai keutamaan piambak, kados dipun jelasaken wonten kitab Nuzhah Al Majaliis, sinten kemawon maos tasbih mongko piambakipun bakal angsal anugerah ingkang mboten saget dipun hitung jumlahipun.

عَنِ النَّبِيِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ مَنْ قَالَ كُلَّ يَوْمٍ مِنَ الْعَشْرِ الْأَوَّلِ مِنْ رَجَبٍ سُبْحَانَ الْحَيِّ الْقَيُّوْمِ مِائَةَ مَرَّةٍ وَكُلَّ يَوْمٍ مِنَ الْعَشْرِ الثَّانِيِ مِائَةَ مَرَّةٍ سُبْحَانَ اللهِ الْأَحَدِ الصَّمَدِ وَمِنَ الْعَشْرِ الثَّالِثِ مِائَةَ مَرَّةٍ سُبْحَانَ اللهِ الرَّءُوْفِ لَمْ يَصِفْ اَلْوَاصِفُوْنَ مَا يُعْطَى مِنَ الثَّوَابِ

Halaman:

Editor: Uswatun Khasanah


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x