Teks Khutbah Jumat Singkat 10 Februari 2023 Tema Isra' Mi'raj Bahasa Jawa 'Sholat Itu Ibadahnya Para Malaikat'

- 10 Februari 2023, 04:15 WIB
Teks Khutbah Jumat Singkat 10 Februari 2023 Tema Isra’ Mi’raj Bahasa Jawa 'Sholat Itu Ibadahnya Para Malaikat'
Teks Khutbah Jumat Singkat 10 Februari 2023 Tema Isra’ Mi’raj Bahasa Jawa 'Sholat Itu Ibadahnya Para Malaikat' /Freepik/

Milo monggo kito jagi saestu dawuh Gusti Allah soho utusane puniko, sampun ngantos dipun sia-siaaken, kranten tiyang ingkang nyia-nyiaken sholat, padahal sholat sanget wigatos lan agung pangkatipun, mongko mesti tiyang nikuwau langkung nyia-nyiaken dumateng lintunipun.

Baca Juga: Contoh PDF Teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa Terbaru 2023 Singkat Padat Jelas: Keistimewaan Ibadah di Bulan Rajab

Poro Hadirin Ingkang Minulyo

Sholat puniko minangkani papan kangge munajat dumateng Gusti Allah. Mboten wonten ibadah wajib kanggene makhluk ingkang langkung dipun remeni Gusti Allah sak sampune tauhid kecuali sholat. Sak umpami wonten wujude ibadah ingkang langkung dipun remeni Gusti Allah saklintune sholat, mongko poro malaikat bade ngelampahi ibadah kasebat.

Milo saking meniko pendamelane poro malaikat wonten ingkang netepi sujud, ruku, soho rukun-rukune sholat. Dene sholat ingkang kito lampahi meniko arupi kumpulan saking pinten-pinten wernonipun ibadahe poro malaikat. Puniko salah satu bukti bilih sholat minongko ibadah ingkang sanget dipun remeni Gusti Allah.

Baca Juga: SINGKAT! Naskah Khutbah Jumat 7 Menit Terbaru Bahasa Indonesia dan Jawa tentang Cara Mendidik Anak yang Baik

Poro hadirin rahimakumullah

Sholat mboten angsal dipun tilarake sinaoso dalam keadaan gerah utawa sak pitunggalanipun. Selama akal tasih tetep waras lan sehat, mongko sholat kedah dipun lampahi kanti toto coro sak mampune.

Sholat ugi kedah langkung dipentingake ketimbang perkawis-perkawis dunyo, kados pendamelan, perkawis anak bojo, bondo, jabatan lan sak pitunggalane. Sampun ngantos kito dados tiyang ingkang getunan kranten nuruti lan ketungkul perkawis dunyo sehingga ninggalake sholate. Gusti Allah dawuh:

يٰٓاَيُّهَا الَّذِيْنَ اٰمَنُوْا لَا تُلْهِكُمْ اَمْوَالُكُمْ وَلَآ اَوْلَادُكُمْ عَنْ ذِكْرِ اللّٰهِ ۚوَمَنْ يَّفْعَلْ ذٰلِكَ فَاُولٰۤىِٕكَ هُمُ الْخٰسِرُوْنَ

Halaman:

Editor: Abdul Rosyid


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x