PDF Teks Khutbah Jumat Ramadhan Singkat Padat 5 Menit Bahasa Jawa: Mendidik Hawa Nafsu di Bulan Ramadhan

- 30 Maret 2023, 18:28 WIB
PDF Teks Khutbah Jumat Ramadhan Singkat Padat 5 Menit Bahasa Jawa: Mendidik Hawa Nafsu di Bulan Ramadhan
PDF Teks Khutbah Jumat Ramadhan Singkat Padat 5 Menit Bahasa Jawa: Mendidik Hawa Nafsu di Bulan Ramadhan /Khairul Onggon/pexels

Syaikh ‘Izzuddin Ibn Abdus Salam, wonten ing Kitab Maqoshidus Shoum, ndawuhaken bilih diantara tujuan, fadhilah shiyam Ramadhan inggih meniko kagem ndidik nafsu supoyo terbiasa seneng nindakaken amalan-amalan ingkang sahe wonten saklebete wulan Ramadhan, ing pangangkah kita saget ngelajengaken kebiasaan giat saha akas ibadah wonten wulan Ramadhan ngantos sewelas wulan saksampunipun wulan ramadhan.

Kenging menopo nafsu kedah dipun didik saha dipun arahkan supados purun nindaken ibadah saha amalan-malan sahe, khususipun wonten wulan ramadhan?

Nafsu kita, anggadahi kecenderungan ngajak dateng perkawis ingkang wonten sahe, angel sarta nolak diajak nindakaken ibadah. Menika atas dasar dawuhipun Allah wonten ing Surat Yusuf ayat 53

وَمَا أُبَرِّئُ نَفْسِي إِنَّ النَّفْسَ لَأَمَّارَةٌ بِالسُّوءِ إِلَّا مَا رَحِمَ رَبِّي إِنَّ رَبِّي غَفُورٌ رَحِيمٌ

“Aku (Nabi Yusuf) ora bakal bebas sangka (sifat eleke) nafsuku, krana nafsu iku tansah ngajak dateng perkoro olo, kejobo Pengeranku aweh kawelasan. Saktemene Pengeranku maha aweh pengapura lan maha welas asih”

Al-Imam al-Ghazali ugi ndawuhaken:

السَّعَادَةُ كُلُّهَا فِي أَنْ يَمْلِكَ الرَّجُلُ نَفْسَهُ وَالشَّــقَــاوَةُ فِي أَنْ تَمْـلِـكَـــهُ نَفْـسُــــهُ

“Tiyang menika bade manggihi kebahagiaan utawi kabejan, menawi saget mengendalikan nafsunipun. Kosokwangsulipun, tiyang meniko bade manggiho cilaka, lamun mboten saget mengendalikan nafsunipun”

Pramila wonten wulan ramadhan menika, mangga nafsu kita didik, dipekso saha dibiasaken nindakaken sholat berjamaah, maos al-Quran, qiyamullail, sholat terawih, shodaqah saha ibadah-ibadah sanesipun.

Wonten wulan ramadhan menika, kanti luwe saha ngelak, nafsu langkung gampang dipun tarbiyah utawi dipun didik. Syaikh Muhyidin Ibn al-Arabi wonten kitab al-Futuhat al-Makkiyah ngisahken, bilih nalika nafsu pertama dipun titahaken (didadekaken) nate dipun dangu kalian Allah; “he nafsu… kowe ki sapa, lan Aku iku sapa? Jawabe nafsu; “kula gih kula, jenengan gih panjengan”.

Halaman:

Editor: Abdul Rosyid


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x