Download Naskah Khutbah Jumat Ramadhan NU Bahasa Jawa PDF: Keistimewaan Ibadah Puasa Ramadhan

- 30 Maret 2023, 19:05 WIB
Download Naskah Khutbah Jumat Ramadhan NU Bahasa Jawa PDF: Keistimewaan Ibadah Puasa Ramadhan
Download Naskah Khutbah Jumat Ramadhan NU Bahasa Jawa PDF: Keistimewaan Ibadah Puasa Ramadhan /Freepik/

Artosipun: “Saben amal becik anak adam bakal ditikelaken ganjarane. Siji kebecikan dibales sepuluh tikel sampek pitungatus (700) tikel. Allah ta’ala dawuh wonten ing hadist qudsi: ‘Kecuali poso, mergo sak temene poso iku gonku lan aku langsung sing bakal bales, wong sing poso ninggalkno syahwat lan dahar kerono aku.” (HR Muslim)

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Wonten ing hadis meniko sampun jelas bilih poso meniko gadahipun Allah ta’ala. Lanopo Allah negesi bilih poso meniko gadahipun Allah? padahal sedoyo kesanenan lan sedoyo ibadah meniko sejatosipun gadahipun Allah.

Imam Nawawi wonten Syarah Shahih Muslim jelasaken bilih ingkang dipun maksud inggih meniko poso termasuk ibadah ingkang tebih sanget saking penyakit riya’ utowo pamer yoiku Ngelampahi poso mboten keranten Allah tapi ngelampahi poso supados angsal pujian saking manungso.

Naliko wonten tiang ngelampahi poso, mboten wonten ingkang semerep kejobo Allah lan deweke piambak ingkang ngelampahi poso. Benten kaleh ibadah-ibadah lintunipun ingkang saget dipun persani tiang katah.

Ibadah poso meniko mboten ketingal lan mboten saget dipun ketingalaken dateng tiang lintune. Kecuali kelawan ucapan saking pimabak ipun ingkang ngelampahi poso. Mboten saget dipun tingali antawisipun tiang mboten dahar keranten diet lan tiang mboten dahar keranten poso.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Dipun dawuhaken wonten ing hadist ingkang dipun waos kolowahu bilih Allah langsung ingkang bales ibadah poso. Sedoyo kebecikan dipun tikelaken ganjaranipun dados sepuluh (10) ngantos pitungatus (700) kecuali poso. Kenging menopo khusus poso kok dibales langsung kalian Allah padahal sejatosipun Allah ingkang bales sedoyo amal kesaenan?

Imam Nawawi wonten Syarh Shahih Muslim nyebataken, hal meniko keranten ageng sanget ganjaranipun poso ugi gadah keutamaan ingkang agung sanget. Namung Allah ikang semerap ganjaranipun tiang ingkang purun ngelampahi poso.

Tiang ingkang ngelampahi poso bakal dipun bebasaken saking sikso neroko. Ananging, meskipun poso gadah ganjaran khusus, poro ulama jelasaken bilih perbuatan ingkang langkung utomo sakwise iman yoiku sholat lima waktu.

Halaman:

Editor: Abdul Rosyid


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x