Download Soal UM US Bahasa Jawa SMA MA 2022 Kelas 12 Terbaru, Lengkap dengan Kunci Jawaban Format PDF DOC

- 20 Maret 2022, 03:30 WIB
Download Soal UM US Bahasa Jawa SMA MA 2022 Kelas 12 Terbaru, Lengkap dengan Kunci Jawaban Format PDF DOC
Download Soal UM US Bahasa Jawa SMA MA 2022 Kelas 12 Terbaru, Lengkap dengan Kunci Jawaban Format PDF DOC /Kemenag DIY/

Portal Pati - PDF Soal UM (Ujian Madrasah) atau US (Ujian Sekolah) mata pelajaran Bahasa Jawa kelas 12 SMA/MA Terbaru Tahun 2022 Dilengkapi dengan kunci jawaban Lengkap.

Contoh Soal Ujian Madrasah atau Ujian Sekolah mata pelajaran Bahasa Jawa kelas 12 SMA/MA tahun 2022 dibawah ini dapat dijadikan sebagai bahan tambahan belajar serta latihan dalam menjawab soal UM/US SMA/MA tahun 2022

Soal UM (Ujian Madrasah) atau US (Ujian Sekolah) SMA/MA tahun 2022 untuk mata pelajaran Bahasa Jawa mengacu pada kisi-kisi UM/US SMA/MA tahun 2022.

Baca Juga: Download Soal US UM PJOK Kelas 9 SMP MTS Terbaru 2022 Lengkap dengan Kunci Jawaban PDF DOC

Langsung saja, Berikut ini Contoh Ujian Madrasah atau Ujian Sekolah mata pelajaran Bahasa Jawa kelas 12 SMA/MA dan Kunci Jawaban Terbaru yang dikutip Portal Pati dari berbagai sumber bisa disimak dibawah ini:

Contoh Soal UM/US SMA/MA 2022 kelas 12 Mata Pelajaran Bahasa Jawa

Semaken geguritan ing ngisor iki !

Pedhut

Peteng ndhedhet lelimengan
Anyaput sakdhuwuring rumput
Kandel atumpuk suk-esukan
Nggameng kongsi angkasa muput
Ngupaya pundi dunungnya marga
Sakehing barang kang dumadi
Saka gegremetan nganti tekan manungsa
Gegrayahan nalusur kaki
Maju nubruk mundur kejegur
Ngiwa natap nengen nabraki
Pedhut angalingi kadir mbawur
Bebasan maju palastra mundur angemasi

1. Surasane gatra kapisan yaiku....
A. Swasana peteng amarga pedhut
B. Manungsa kang lagi kepetengen
C. Manungsa kang ora ngerti dalan
D. Manungsa kang ora weruh dalan
E. Manungsa kang uripe lagi rekasa

2. Surasane gatra kapindho yaiku....
A. Manungsa padha mbudidaya
B. Akeh kewan padha nggremet
C. Manungsa kang lagi golek dalan
D. Manungsa padha grayah-grayah
E. Manungsa gegremetan golek dalan

3. Surasa gatra katelu yaiku....
A. Ora bisa mbudidaya
B. Manungsa ora bisa polah
C. Ora bisa maju amarga nabraki
D. Rekasane anggone mbudidaya
E. Maju utawa mundur padha angele

4. Bebasan maju palastara mundur angemasi.
Tembung “palastara” tegese....
A. lara
B. urip
C. mati
D. susah
E. semaput

5. Endahing geguritan kuwi gumantung kaya ing ngisor iki kajaba....
A. wirama
B. runtute purwakanthi
C. pilihane tembung kang runtut
D. cara maca geguritan kang apik
E. anane tembung andhahan kang karimbag mawa ater-ater

6. Geguritan bisa dirasakake kanthi....
A. maca
B. nulis
C. ngrungokake
D. maca lan nulis
E. maca lan ngrukokake

7. Tembung geguritan iku diarani tembung rangkep....
A. semu
B. dwi lingga
C. dwi purwa
D. dwi wasana
E. dwilingga salin swara

8. Titikane geguriran gagrag anyar yaiku....
A. kawiwitan irah-irahan
B. cacahing gatra ora ajeg
C. cacahing wanda ing gatra siji lan sijine bebas
D. dhong dhinge swara ing pungkasane gatra ora ajeg
E. sangarepe geguritan nganggo tembung sun gegurit

9. Kang kalebu struktur fisik geguritan yaiku....
A. pengimajinasian
B. nada lan swasana
C. lelewane basa
D. pamilihane tembung
E. purwakanthi

10. Sing dikarepake lelewaning basa jroning struktur teks geguritan yaiku....
A. Mbaleni swara lan tembung
B. Milih tembung ing geguritan bisa nuwuhake khayalan
C. Mbaleni kelompok tembung
D. Milih tembung- tembung ing geguritan
E. Milih tembung kang digunakake penyiar kanggo nyritakkae sawijining bab kanthi cara mbandingake karo barang utawa tembung liyane

11. Piranti kanggo nyingseti tumempleking sinjang ing awak supaya ora mlorot diarani....
A. setagen
B. sinjang
C. samir
D. sabuk
E. epek timang

12. Kang diarani sinjang yaiku....
A. iket
B. jarik
C. samir
D. sabuk
E. epek timang

13. Dasanamane dhuwung yaiku....
A. keris
B. samir
C. selop
D. destar
E. cenela

14. Cenela jarwa dhosoking centhelna jroning nala.
Tembung nala tegese....
A. ati
B. gulu.
C. teken
D. kuping
E. tangan

15. Semen rama, semen sida asih, semen sida mukti. Iku kalebu sinjang corak....
A. nitik
B. semen
C. ceplok
D. parang.
E. Cakar ayam.

16. Ajining dhiri saka lathi, ajining raga saka....
A. ati
B. busana
C. pakarti
D. tumindak
E. rasa

17. Perangan busana kanggo nutupi sirah sing kagawe saka kain batik awujud pesagi diarani....
A. jarik
B. samir
C. sabuk
D. udheng
E. selop

18. Perangan busana adat jawa sing mengku surasa manungsa urip kudu ngudi ilmu kang migunani yaiku....
A. iket
B. epek
C. jarik
D. samir
E. sabuk

19. Krama inggile jarik yaiku....
A. samir
B. cenela
C. sinjang

D. rasukan
E. dhuwung

20. Busana semekan kang ora nganggo jarik wiron yaiku semekan....
A. sindur
B. bleg-blegan
C. tengahan tritik
D. bathik tengahan
E. kancing wingking

21. Busana adat jawa kang mligi dienggo bocah wadon kang umure sangisore 13 taun yaiku busana....
A. pinjung
B. semekan
C. kasatriyan
D. kencongan
E. sabuk wala

22. Busana adat jawa kang dianggo wong diwasa nanging durung krama yaiku....
A. pinjung
B. semekan
C. kasatriyan
D. kencongan
E. sabuk wala

23. Gubernur Jendral Inggris ing Indonesia kang pisanan nepungake gamelan marang bangsa barat yaiku....
A. Jan Coep
B. Mantle Hood
C. Claude DEbussy
D. Benmund Hilmar
E. Thomas Stamford Raffles

24. Sawijining bagean piranti gamelan jawa kang duweni bentuk pencu banjur ditumpangake ing tali kang diarani pluntur diarani....
A. saron
B. kethuk
C. kenong
D. bonang
E. gambang

25. Sing diarani rebab yaiku....
A. Piranti gamelan kang asale saka kayu
B. Piranti kang nyuwara saka gesekan senar karo senar
C. Piranti gamelan kang kalebu gender
D. Piranti gamelan bentuke pencu
E. Piranti gamelan wujude wilangan sing digawe saka perunggu

26. Unen-unen utawa syair ing tembang diarani....
A. notasi
B. titilaras
C. cakepan

D. gendhing
E. senggakan

27. Tembang macapat iku tembang kang kawengku guru gatra, guru lagu, guru wilangan. Dene tembang macapat iku ana 11. Salah sawijine yaiku tembang pangkur. Watake tembang pangkur yaiku....
A. sereng
B. memelas
C. nelangsa
D. sumanak
E. sembrana

28. Ing ngisor sing ora kalebu unsur- unsur pembangun cerkak yaiku....
A. amanat
B. tema lan latar
C. penokohan lan alur
D. sudut pandang lan konflik
E. Vokal lan intonasi

29. Struktur teks eksposisi kanti urut yaiku....
A. Argumentasi- penegasan ulang- tesis
B. Argumentasi- tesis- penegasan ulang
C. Penegasan ulang- tesis- argumentasi
D. Tesis- penegasan ulang- argumentasi
E. Tesis- penegasan ulang- argumentasi

30. Struktur teks eksposisi perangan tesis isine....
A. bukti
B. panemu
C. alesan
D. argumen
E. dudutan

31. Wong kang nabuh gamelan diarani ....
A. niyaga
B. sindhen
C. dhalang
D. wiraswara
E. waranggana

32. ?ginemnHi=k=alusPunikb[dnebihakenSki= ....
A. pncf\
B. pzlem\
C. [fos
D. Pnufuh
E. Pvp

33. Luwih lara laraning ati.
Ukara kasebut menawa ditulis aksara jawa yaiku....
A. ?luwihlrlr[n=k=ati.
B. ?lu[wolrlrni=atiaiki.
C. ?auwihlegni=atik=lr.
D. ?luwihlrlrni=k=ati.
E. ?auwislrlratiaiki.

34. Proklamasi 17 Agustus 1945. Menawa ditulis aksara jawa...
A. ?[p]okLmsi,17,AgusTus\,1954.
B. ?p]kLmsi;17;agusTus\;1745;
C. ?[p]okLmsi;17;AgusTus\;1945;
D. ?p]kelmsi,17,AgusTus\,1965.
E. ?p]kLmsi;17;agusTus\;1945;

35. ?aku[vobtzi,nzi=sirhkuzLiye=.
Ukara ing dhuwur yen katulis latin yaiku....
A. aku nyoba turu, ning sirahku nggliyeng
B. aku nyoba tangi,nanging sirahku nggliyeng
C. aku tangi turu, nanging sirahku mumet
D. adiku nyoba tangi, nanging sirahe nggliyeng.
E. aku tangi, banjur sirahku krasa nggliyeng.

36. Langkah menawa arep nggawe teks drama kaya ing ngisor iki, kajaba....
A. Mangerteni tema saka cerita kang arep digawe teks drama
B. Novel diperang kanggo diowahi dadi babak.
C. Nyusun pacelathon adhedhasar konflik antaraning paraga siji lan sijine.
D. Nggawa deskripsi panjelasan kanggo nyethakake latar, akting, lan lighting.
E. Nggatekake tembung-tembung kang arep dienggo numapaki sajroning klimaks.

37. Sajroning struktur teks dheskripsi, perangan kang ngenalake sawenehe barang, manungsa, kewan, kang arep digambarake yaiku....
A. Narasi
B. Definisi
C. Klasifikasi
D. Identifikasi
E. Deskripsi bagian

38. Crita kang dicritakake kanthi turun temurun lan dicritakake kanthi lesan diarani....
A. cerkak
B. novel
C. fabel
D. legenda
E. cerita rakyat

39. Sing dudu cirine crita rakyat yaiku ....
A. Crita turun temuru
B. Awujud gethok tular
C. Ana bukti kang cetha
D. Bukti kang ana ora jelas
E. Critane ana benere lan ana salahe

40. Crita rakyat iku nduweni unsur-unsur instrisik. Dene unsur intrinsik kang nerangake katrangan papan, wektu, lan swasana kedadeyan diarani ...
A. alur
B. latar
C. tema
D. paraga
E. amanat

41. Samubarang sing dadi piranti sajroning pagelaran wayang kulit iku duweni pralambang dhewe-dhewe, jelaske pralambange:
a. Blencong
b. Cempolo

42. Sebutke lan jelaske metode kanggo ngandharake sesorah!

43. Jelaske watak lan falsafahe tembang pangkur!

44. Apa sing diarani:
a. Guru gatra
b. Guru lagu
c. Guru wilangan

45. Sebutke ciri-ciri geguritan gagrag lawas!

Baca Juga: Download Soal US UM Bahasa Indonesia Kelas 6 SD MI Terbaru 2022 Lengkap dengan Kunci Jawaban PDF DOC

Soal UM/US Bahasa Jawa SMA/MA Tahun 2022

Soal UM/US Bahasa Jawa SMA/MA Tahun 2022 dan Kunci Jawaban Terbaru KLIK DISINI

Itulah Soal UM/US Bahasa Jawa SMA/MA Tahun 2022 dan Kunci Jawaban Terbaru yang bisa kami sajikan buat adik-adik siswa kelas 12, semoga bermanfaat.***.

Editor: Uswatun Khasanah


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x