Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Bulan Rajab 1444 H : Isra' Mi’raj Dalam Aspek Syariat dan Hakikat

- 10 Februari 2023, 09:20 WIB
Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Bulan Rajab 1444 H : Isra' Mi’raj Dalam Aspek Syariat dan Hakikat
Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Bulan Rajab 1444 H : Isra' Mi’raj Dalam Aspek Syariat dan Hakikat /Pixabay

Hadirin jama’ah Jumat rahimakumullah
Sumangga kita ningkataken taqwa dhumateng Allah SWT. kanthi nindakake perintah-perintahipun ugi nebihi larangan-laranganipun, keranten namung kanthi cara punika kita badhe pikantuk kawilujengan wonten ing donya lan ing akherat.


Hadirin rahimakumullah
Kita sami mangertosi bilih wonten ing wekdal punika kita wonten ing wulan ingkang agung, inggih punika wulan Rajab, sebab wulan punika kalebet sekawan wulan ingkang dipun mulyaaken dening Allah SWT. Allah dawuh :

«إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِنْدَ اللهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ» الأية [التوبة/36]

Satemene cacahe sasi miturut Allah iku ana rolas sasi, kaya kang wus katetepake dening Allah nalika nitahake langit lan bumi, antarane rolas sasi iku ana patang sasi mulya.

Lan gegayutan kalian sekawan sasi mulya kasebat Nabi Muhammad SAW. dawuh:

«السَّنَةُ اِثْنَا عَشَرَ شَهْرًا ، مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ : ثَلَاثَةٌ مُتَوَالِيَاتٌ : ذُوْ الْقَعْدَةِ وَذُوْ الْحِجَّةِ وَالْمُحَرَّمُ وَرَجَبُ مُضَرَ الَّذِيْ بَيْنَ جُمادَى وشَعْبَانَ» صحيح البخاري1599

Setaun iku ana rolas sasi, kang patang sasi iku sasi mulya, kang telu iku gegandengan yaiku sasi Dzul Qa’dah, Dzul Hijjah, lan Muharram, kaping papat yaiku sasi Rajabe Qabilah Mudhor yaiku sasi kang ana ing antarane Jumada lan sasi Sya’ban.

Hadirin rahimakumullah
Lan antawis bukti kamulyanipun wulan Rajab malih inggih punika dumadinepun pristiwa agung engkang dipun daeuhaken langsung dening Allah SWT wonten ing ayat Al-Qur’an, inggih punika kedadosanipun Israk lan Mi’raj ipun Nabi Muhammad SAW. kados ingkang dipun dawuhaken dening Imam Nawawi Al-Bantani wonten ing kitab Nurudh Dholam:

الْمَشْهُوْرُ كَانَ ذَلِكَ لَيْلَةَ الْاِثْنَيْنِ لَيْلَةَ السَّابِعِ وَالْعِشْرِيْنَ مِنْ شَهْرِ رَجَبَ قَبْلَ الْهِجْرَةِ بِسَنَةٍ

Miturut panemu kang kuncara, Israk Mi’raj dumadi ono ing wengi Senen, wengi kaping pitulikur sasi Rajab setahun sadurunge Hijrahe Nabi.

Halaman:

Editor: Abdul Rosyid


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x