Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Bulan Rajab 1444 H : Isra' Mi’raj Dalam Aspek Syariat dan Hakikat

- 10 Februari 2023, 09:20 WIB
Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Bulan Rajab 1444 H : Isra' Mi’raj Dalam Aspek Syariat dan Hakikat
Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Bulan Rajab 1444 H : Isra' Mi’raj Dalam Aspek Syariat dan Hakikat /Pixabay

Lan kedadosan agung menika minangka proses mandapipun syariat shalat gangsal wekdal kagem kita sedaya, sahingga wonten sasi Rajab punika ugi minangka wulan mandapipun syariat shalat gangsal wekdal. Mila kamulyane wulan Rajab punika mboten saget dipun pungkiri.

Wonten ing sadaya tatanan syariat Islam mliginipun ingkang gegayutan kaliyan ubudiyah kadosta shalat, zakat, pasa, haji lan sanes-sanesipun badhe kaleksanan kanthi sampurna menawi sampun kaleksanan kalih unsur inggih menika unsur dhahir saha unsur batin utawi ugi dipunsebat unsur syariat lan haqiqat, kalebet ing pemahaman Isra’ Mi’raj ugi mekaten, bade pikantuk pangerten ingkang sampurna mebawi sampun ngeliwati lorokelih unsur menika. Mila Syekh ‘Ali Al-Qari Al-Harawi Al-Makki dawuh :

كَانَ لِرَسُوْلِ اللهِ ( مِعْرَاجَانِ : مِعْرَاجٌ فِيْ عَالَمِ الْحِسِّ مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى ثُمَّ إِلَى عَالَمِ الْمَلَكُوْتِ وَمَحَلِّ الْمَلَأِ الْأَعْلَى ، ومِعْرَاجٌ فِيْ عَالَمِ الْأَرْوَاحِ مِنَ الشَّهَادَةِ إِلَى الْغَيْبِ وَمِنَ الْغَيْبِ إِلَى غَيْبِ الْغَيْبِ ، فَلَمَّا أَرَادَ أَنْ يَرْجِعَ قَالَ الرَّبُّ تَبَارَكَ وتَعَالَى : «الْمُسَافِرُ إذا عَادَ إِلَى وَطَنِهِ أَتْحَفَ أَصْحَابَهُ وَإِنَّ تُحْفَةَ أُمَّتِكَ الصَّلَاةُ الْجَامِعَةُ بَيْنَ الْمِعْرَاجَيْنِ الْجَسْمَانِيُّ بِالآدَابِ وَاْلأَفْعَالِ، والرُّوْحَانِيُّ بِالْأَذْكَارِ وَالْأَحْوَالِ» ، وِلِهذَا وَرَدَ: «الصَّلاةُ مِعْرَاجُ الْمُؤْمِنِ» اهـ مرقاة المفاتيح1/ 108


Kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wasallama iku ngalami loro pristiwa Isra’ Mi’raj bebarengan, sing pisanan yaiku Isra’ Mi’raj fisik ono ing donya katon iku, yaiku perjalanan saka Masjidil Haram menyang Masjidil Aqsha banjur munggah menyang alam Malakut lan alam Malail A’la. Kapindho Isra’ Mi’raj ruhani ono ing alam roh, yaiku lelampahan rohe Nabi saka alam Shahadah (alam kasat mata) menyang alam Ghaib (alam kahuripan), banjur nerusake menyang alam kang maha ghaib. Banjur sawise Kanjeng Nabi arep bali Allah dawuh: “Wong sing lelungan, nalika bali dheweke bakal nggawa hadiah kanggo kanca-kancane, lan hadiah sampeyan kanggo umat sampeyan yaiku shalat sing nggabungake rong Mi’raj bebarengan, yaiku Mi’raj fisik yaiku karo adab lan obahe awak (Sholat Syariat) lan Mi’raj Ruhani yaiku karo Dzikir lan Solah bawa (Solat Hakikat). mila ono ing salah sijine dalil didawuhne yen “Shalat iku dadi Mi’raje wong mukmin”.

Hadirin rahimakumullah
Lelampahan spiritual menikalah ingkang ndugekaken Rasulullah SAW. madhep dateng ngersanipun Dzat ingkang kang Maha Dhohir lan Maha Bathin, Dzat ingkang mboten winates ing arah lan papan panggenanipun, ing akhiripun Kanjeng Nabi kondur mawi ngasto cinderamata, inggih menika shalat syariat gansal wekdal ingkang ugi ngandhut kalih unsur Dhahir lan Bathin, malah wonten ing unsur Batin ingkang nemtokaken ajinipun shalat kita wonten ngersanipun Allah Subhanahu Wa Ta’ala. Kanjeng Nabi SAW. dawuh :

«إِنَّ الْعَبْدَ لَيُصَلِّيْ الصَّلاةَ لَا يكْتَبُ لَهُ سُدُسُهَا وَلا عُشْرُهَا وَإِنَّمَا يُكْتَبُ لِلْعَبْدِ مِنْ صَلاتِهِ مَا عَقَلَ مِنْهَا» اهـ إحياء علوم الدين1/ 147

Satemene wong kang nindakake salat, kang kacathet sholate iku dudu sapraeneme, uga ora saprasepuluhe, nanging kang kacathet iku sepiro anggone deweke ngangen-ngangen shalate.

Hadirin jama’ah Jumat rahimakumullah
Mugi-mugi kanthi mangertosi lan mahami kedadosan Israk Mi’raj punika saged nambahi iman kita dhumateng Allah SWT. sahingga kanthi hidayah saha pitulunganipun kita dipun paringi gampil anggenipun nindakaken shalat kanthi sampurna. Amin ya robbal alamin.

أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمْ :
سُبْحَانَ الَّذِي أَسْرَى بِعَبْدِهِ لَيْلًا مِنَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ إِلَى الْمَسْجِدِ الْأَقْصَى الَّذِي بَارَكْنَا حَوْلَهُ لِنُرِيَهُ مِنْ آيَاتِنَا إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْبَصِيرُ [الإسراء/1]


بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِيْ الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الذِّكْرِ وَالْآيَاتِ الْحَكِيْمِ ، إِنَّهُ
هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمَ

Halaman:

Editor: Abdul Rosyid


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x