Contoh Kata Sambutan Singkat dari Ketua Panitia dalam Bahasa Jawa Lengkap

28 Februari 2022, 19:10 WIB
Contoh Kata Sambutan Singkat dari Ketua Panitia dalam Bahasa Jawa Lengkap /pexels.com/Skitterphoto

Portal Pati - Dalam sebuah acara atau kegiatan besar tentunya tak dapat lepas dari panitia atau penanggung jawab pelaksana.

Tentunya panitia inilah yang menjadi ujung dari kesuksesan sebuah acara seperti halnya peringatan Isra' Mi'raj Nabi Muhammad SAW.

Dalam acara tersebut selaku ketua panitia akan memberikan sambutan dalam pelaksanaannya.

Baca Juga: Download Soal PTS UTS PAI SD Kelas 1-6 Semester 2 Terbaru 2022 Lengkap Kunci Jawaban Format PDF DOC

Barang tentu diperlukan persiapan terlebih dahulu agar saat menyampaikan dapat berjalan dengan lancar.

Artikel ini akan menyajikan contoh teks sambutan ketua panitia peringatan Isra' Mi'raj 2022 dalam Bahasa Jawa lengkap.

Contoh Teks Sambutan Ketua Panitia Peringatan Isra' Mi'raj 2022 dalam Bahasa Jawa Lengkap.

Baca Juga: Kreatif Berbagai Kata-kata Isra Miraj 2022 Lengkapi Poster Isra Miraj 27 Rajab 1443 H HARI INI!

السلام عليكم ورحمة الله وبركاته

اَلْحَمْدُ ِللهِ الَّذِى فَضَّلَ بَنِى آدَمَ بِالْعِلْمِ وَالأَعْمَلْ، وَالصَّلاَةُ وَالسَّلاَمُ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ. وَعَلَى أَلِهِ وَالصَّحْبِهِ وَالتَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانِ إِلَى أَخِرِ الأَيَّامِ. (أَمَّا بَعْدُ)

Fadhilatal Muhtaromin, para ‘alim, para ‘ulama’, linangkung wonten pangarsanipun Al-Mukarom Bopo KH. ………………. ingkang kito antu-antu barokah ilmu-nipun.

Sesepuh, pini sepuh, dalah kasepuhan Desa ……………. ingkang dahat kinabekten.

Pangarsanipun bopo Kepala Desa ……………….., soho sedoyo janjang krawat-ipun ingkang tansah kito takdzimi.

Ketua takmir, pengurus, ugi sedoyo jamaah masjid ………….. ingkang kinurmatan.

Hadirin-hadirot, poro tamu undangan, kakung sumawono putri, kaum muslimin-muslimat rohimakumulloh.

Mboten kesupen dumatheng santriwan lan santriwati Masjid ………….. ingkang kawulo tresnani.

Murwakani atur, langkung rumiyin sumonggo kito tansah muji syukur wonten ngarso dalem Gusti Ingkang Maha Mirah (Allah SWT), ingkang sampun paring katah kenikmatan dumateng kito, salah setunggalipun kenikmatan; kito saget makempal wonten majlis meniko; sak perlu nderek ngaos lan mengeti Isra’ Mi’raj Nabi Muhammad SAW tanpo manggihi aral setunggal punopo.

Pramilo monggo raos syukur meniko kito ikror-aken kanthi maos kalimat tahmid sesarengan: Alhamdulillahirabbil ‘alamin.

Sholawat serto salam, mugi tansah konjuk dumateng kanjeng Nabi Agung Muhammad Saw., ingkang kita tenggo syafaat-ipun benjang wonten yaumil qiyamah. Amiin.

Para hadirin, kaum muslimin; ingkang kawulo hormati,
Keparengo, kulo jumeneng wonten mriki; aminangkani talanging atur rencang-rencang panita Peringatan Hari Besar Islam Masjid………..

Sepindah ngaturaken: sugeng rawuh (ahlan wasahlan bikhudzurikum) mugi-mugi niat sae panjenengan ingkang sampun kerso angrawuhi undangan panitia, pikantuk ridho ugi ganjaran ingkang ageng saking ngarso dalem Allah SWT.

Kaping kalih-ipun, kawulo aturaken agunging panuwun dumateng sedoyo warga lan rencang-rencang panita; ingkang sampun paring pambiantu awujud punopo kemawon, sehinggo Pengaosan Isra’ Mi’raj ing ndalu meniko saget kaleksanan kanthi sae.

Ingkang ongko tigo, kawulo minangkani wakil saking panitia, nyuwun agunging pangapunten; mboten saget manggihi para rawuh setunggal mbopo setunggal, ugi mboten saget caos papan palenggahan lan uborampe ingkang setraju kalian kalenggahan para rawuh sedoyo. sepindah malih kulo nyuwun agunging pangapunten.

Ingkang pungkasan, sumonggo kita sareng-sareng ngaos, midangetaken tausiyah saking bopo kyai ……………..,. Mugi-mugi sarono ngaos ing ndalu meniko, saget dados lantaran tumuruning hidayah; sansoyo tambah iman lan taqwa kita dumateng Allah Swt. Amiin

Saking kawula cekap semanten, sedoyo kekhilafan lan kalepatan kawula nyuwun agunging pangapunten, kawula akhiri.

وَاللهُ الْمُوَفِّقِ إِلَى أَقْوَامِ الطَّرِيْقِ

والسلام عليكم ورحمة الله وبركاته

Baca Juga: Kunci Jawaban Tema 7 Kelas 5 SD dan MI Halaman 112, 115, 117, 121, 122 Subtema 2 Pembelajaran 4 Lengkap Disini

Inilah tadi contoh teks sambutan ketua panitia peringatan Isra' Mi'raj 2022 dalam Bahasa Jawa lengkap. Semoga bermanfaat.***

 

Editor: Abdul Rosyid

Tags

Terkini

Terpopuler