Contoh Soal Bahasa Jawa US USBN SD MI Kelas 6 Tahun 2022 PDF, Latihan Sebelum Menjawab Soal Ujian

- 10 April 2022, 21:26 WIB
Contoh Soal Bahasa Jawa US USBN SD MI Kelas 6 Tahun 2022 PDF, Latihan Sebelum Menjawab Soal Ujian
Contoh Soal Bahasa Jawa US USBN SD MI Kelas 6 Tahun 2022 PDF, Latihan Sebelum Menjawab Soal Ujian /Pixels.com/

Semakin banyak belajar, maka akan semakin banyak pengetahuan yang didapatkan, terutama untuk Ujian Sekolah di tahun 2022.

Latihan soal ini dapat untuk menambah keakuratan para siswa yang serius ingin belajar pada Ujian Sekolah Berstandar Nasional (USBN) di tahun 2022.

Penasaran dengan latihan soal USBN Terbaru 2022?

Baca Juga: Contoh Soal PTS Bahasa Indonesia Kelas 2 Semeseter Genap K13 beserta Kunci Jawaban Lengkap

Berikut ini contoh latihan soal USBN Bahasa Jawa Kelas 6 SD MI Terbaru 2022 yang dikutip Portal Pati dari berbagai sumber bisa disimak dibawah ini :


I. Wenehana tanda ping (x) ana ing aksara a, b, c, utawa d sangarepe wangsulan sing paling bener!
Wacanen pethilan geguritan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomer 1!
Para Mitrane Wengi
Wengi banget sumanak ngaruh-aruhi
Ngajak para kadange wengi
Turu ing pojok-pojok kapencil
Senajan gumrumunge lemut lan jingklong
Lan sawatara ganda apeg nduleg
Ganda humus kang nguburake suket
Lan tanduran alasan
1. Pethilan geguritan ing dhuwur nuwuhake swasana nalika … .
a. ana ing alas
b. wengi ing alas
c. turu ing pojok
d. lemah kang subur
Gatekake pethilan sesorah ing ngisor iki!
Assalamualiakum wr.wb.
Bapak/Ibu tuwin para tamu ingkang kinurmatan. Langkung rumiyin mangga ngaturaken pujapuji dumateng Gusti Allah Swt. Amargi rahmatipun kita saget pepangihan wonten mriki saperlu mengeti dinten Proklamasi Kemerdekaan ingkang kaping 72.
2. Teks pidhato ing dhuwur iki kalebu ing perangane … .
a. pambuka
b. isi
c. panutup
d. katrangan
Gatekake wacan ing ngisor iki kanggo wangsuli pitakon nomer 3-5!

Ngelingi bangsa lan negara sing tambah mawut, awit tumindake para manungsa sing saya suwe tambah murka ndadekake kasangsarane kawula. Mula Ratu Ayu Mega Arum Dewi Sri Saparwi, salah sijine spiritaalis lan pemangku adat padhepokan Kyai Langsur, banjur nggelar ruwatan Agung Tutup Sara, kanthi karep mligi amrih para pejabat enggal eling lan ngendeg tumindak murka, setemah ngudi kamakmuran rakyat.
Prosesi ruwatan Agung Tutup Sura digelar ing Umbul Tirta Mulya. Upacara iki uga ngajak wong sukerta cacahe 29 wong. Yaiku wong sing tansah apes uripe. Wong iku diwajibake nggawa sesaji arupa woh naga, gedhang raja, apel diwadhahi tampah, tengahe diwenehi lilin lan dhuwit salilane.

3. Upaca ruwatan tujuane kanggo … .
a. kemakmuran rakyat
b. nyuwun keslametan
c. narik wisatawan
d. seneng bebarengan
4. Wong nandhang sukerta yaitu wong … .
a. tansah mulya uripe
b. kang sugih bandha
c. tansah ketula-tula uripe
d. kurang waras pikire
5. Sesaji woh-wohan kang dianggo upacara ing Umbul Tirta Mulya yaitu … .
a. pelem, gedhang kapok lan jeruk nipis
b. gedhang mas, woh naga, lan apel
c. woh naga, gedhang raja, lan pelem gadhung
d. apel, gedhang raja, lan woh naga
6. Wujude sandhangan panyigeg wanda lang wigyan yaiku … .
a. \ , h
b. / , \
c. E , h
d. h , \
7. Tembang macapat kuwi nggambarake panguripane manungsa, lan uga duweni watak dhewe-dhewe.
Watake tembang macapat “Pangkur” yaiku … .
a. sereng, greget, lan seneng
b. sereng, greget, lan, srengen
c. galak, muntab, lan sereng
d. sedih, sengsem, lan srengen
Gatekake pethilan sesorah ngisor iki kanggo mangsuli pitakon nomor 8 lan 9!
Wonten ing adicara menika, kula piyambak saha kanca-kanca nyuwun agenging pangapunten saking Bapak/Ibu guru amergi wonten ing enem warso ngangsu kawuruh wonten pawiyatan mriki. Mugi-mugi Bapak/Ibu guru kersa paring pangapunten dhateng kita. Satuhunipun kula sak kanca awrat badhe nilaraken pawiyatan menika. Nanging kita kedah nglajengaken ngangsung kawruh wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil.
8. Isine pidhato ing dhuwur yaiku … .
a. Adicara kelas enem
b. Ngangsu kawruh ing kelas enem
c. Perpisahan kelas enem
d. Pawiyatan luwih inggil
9. Pidhato ing dhuwur ditunjukake … .
a. Kepala Sekolah, Bapak/Ibu guru, staf lan murdi-murid
b. Bapak/Ibu guru lan murid-murid
c. Kepala Sekolah lan murid-murid
d. Kepala Sekolah, Bapak/Ibu guru lan stafs

10. Gambar wayang ing dhuwur, jenenge .. .
a. Bima
b. Arjuna
c. Yudhistira
d. Gathutkaca
11. Prabu Yudhistira iku pambarepe Pandhawa. Prabu Yudhistira uga kagungan asma liya Prabu Puntadewa, Prabu Dwijakangka, Prabu Gunatalikrama, lan Prabu Ajathastru.
Puntadewa iku dadi raja ing … .
a. Amarta
b. Ngastina
c. Maespati
d. Wiratha
12. Wonten ing perang Baratayuda, Adipati Karno saking Awangga aben ajeng kaliyan Raden Arjuna saking Madukara.
Adipati Karno aben ajeng kaliyan Raden Arjuna.
Tembung aben ajeng duwe teges … .
a. adu arep jejagongan
b. adu arep tetandingan
c. adu arep kekancanan
d. adu arep kesenengan

Baca Juga: Profil dan Biodata Lengkap Arsyan MasterChef Indonesia Season 9 Beserta Nama Pasangan, Pendidikan dan Akun IG

Pethilan crita wayang ngisor iki kanggo nomor 13,14, lan 15!
Gathotkaca endha kanthi cara mabur sadhuwur-dhuwure. Nanging arwah Kalabendana dumadakan njudhul nangkep Kuntawijaya karo ngabarake saka kahyangan menawa ajale Gathutkaca ana ing wengi iki. Gathutkaca pasrah, nanging duwe panyuwun supaya jasade iseh iso bisa digunake mateni mungsuh. Pusaka Kunta musna nyawiji karo kayu Mastaba ing jero wetenge Gathutkaca lan tewas saknalika.
13. Carane Gathutkaca endha saka gamane Adipati Karna yaiku … .
a. pasrah marang putusane para dewa
b. mabur sadhuwur-dhuwure
c. nggunake pusaka Kuntawijaya
d. nggunake kayu Mastaba
14. Kabar sing digawa Kalabedana saka Kahyangan yaiku … .
a. Kamenangane Gathutkaca
b. Perange Gathutkaca karo Karna
c. Ajale Gathutkaca ana ing bengi kuwi
d. Kalabendana njedhul nangkep Kunthawijawa
15. Tembung Gathutkaca itku tegese kumpulaning … .
a. kapinteran
b. kaluwihan
c. kasantosan
d. kaluhuran

Gatekake crita ing ngisor iki kanggo nomer 16 lan 17!
Panguwasa Demak asmane Pangeran Made Pandan kagungan putra arane Pangeran Pandan Arang. Nalika mbukak alas kanggo nenandur lan pomahan Sang Prabu seda, sak durunge ninggal weling supaya putrane ora ninggalake papan kasebut, amarga mbesuk bakal dadi papan kang reja. Papan wau subur, nanging anehe tanduran arupa wit asem arang-arang, kamangka lemahe subur. Mula kanggo pangeling-eling banjur katelah SEMARANG. Saka tembung asem kang arang-arang.
16. Paragane crita dumadine kutha Semarang, yaiku … .
a. Raden Patah
b. Raden Pandan Arang
c. Raden Banterang
d. Raden Inu Kertapati
17. Jeneng “Semarang” kajupuk saka kedadean aneh, yaiku … .
a. wit asem sing ngrembuyung
b. wit asem sing thukul cedak-cedak
c. wit asem sing ora gelem thukul
d. wit asem sing thukul arang-arang
Naskah pacelathon iki kanggo nomer 18, 19, lan 20!
Toni : “Pak, punapa maos geguritan punika wonten caranipun?”
Pak Ratman : “Ana, apa wae kui mesti ana ngilmune. Dene maca geguritan kang perlu digatekake yaiku lafal, intonasi, irama, lan ekspresi. Sapa sing ngerti?”
Toni, Bagas : “… .”
Dimas : “Sampun Pak. Nyoh iki kowe Ton naskahe, sijine nggo Bagas.”
Pak Ratman : “Karo nyemak naskahe kuwi, ing kono ana tembung: mersudi, dadi, endah, bisa. Bagas coba tirukno: dadi, endah.”
Bagas : “Dadi, endah”
Pak Ratman : “Bener, yen jawa huruf da kedaling pucuk ilat nempel untu ngarep. Aja nganti kleru karo Bahasa Indonesia.”
18. Ukura kang mathuk kanggo njangkepi cecak-cecak ing dhuwur, yaiku … .
a. Dereng ngertos, Pak!
b. Sampun ngertos, Pak!
c. Ayo sinau bareng!
d. Sinau, huruf Jawa bebarengan.
19. Unggah-ungguhing basa kang digunakake tuladha pacelathon ing dhuwur, yaiku … .
a. ngoko alus lan krama
b. ngoko lugu lan krama alus
c. ngoko lan krama
d. ngoko alus lan ngoko
20. Manut naskah kasebut, sing perlu digatekake maca geguritan, yaiku … .
a. lafal lan intonasi
b. irama lan ekspresi
c. lafal, intonasi, ekspresi, lan irama
d. penjiwaan, ekspresi, lan lafal
21. Tradisi kang dienekake masyarakat Semarang sak durunge sasi Pasa kaya dene gambar ing sisih iki jenenge … .
a. sekaten
b. kasada
c. dugderan
d. sadranan
22. Bumi horeg bebarengan karo swara mak gleger. Keluk ireng nggembung peteng. Saya dhuwur saya amba tebane mekrok kaya jamur gedhe. Gunung kelud utawa Gunung Kampud mbledhos dina Kemis malem Jumuwah tanggal 13 Februari 2014. Maewu ewu watu, krikil, lan awu diwutahake saka weteng nganti sumebar teka ngendi-endi. Ora mung tlatah Jawa Timur, ning awune kagawa angin nganti tekan Jawa Barat penere Bandung, Pangandharan, lan Bogor.
Isine andharan ana ing dhuwur, yaiku … .
a. Gunung Kelud mbledhos materiale maewu-ewu watu kagawa angin nganti tekan Bandung.
b. Gunung Kelud mbledhos dampake nganti tekan Jawa Barat penere Bandung.
c. Gunung Kelud mbledhos maewu-ewu watu krikil lan awu diwutahake nganti tekan Bandung.
d. Gunung Kelud mbledhos dina Kemis, 13 Februari 2014, ngutahake watu, krikil, lan awu nganti tekan Jawa Barat penere Bandung,Panganaran, lan Bogor.
Wacan ing ngisor iki kanggo nggarap soal nomer 23-25!
Bungah Raportan
Ing dina Setu Kliwon kepungkur aku raportan. Aku dheg-dhegan banget amarga biyasane ing dina raportan Bu Guru nulis rangking 1 nganti 10 ing ngarep kelas. Dumadakan wektu kuwi Bu guru miwiti nulis ing papan tulis. “Erza Nugraha” iku kang ditulis sepisan ing nomor siji. Mak serrr …
Aku kaget. Aku separo ora sadhar. Sing dakwaca iku mau jenengku. Kancaku Khafi langsung ngekep aku saka mburi lan dheweke banjur kandha, “Selamat ya Kang …” Weh…jebule aku rangking siji. Kaget tenan atiku, lan sawise iku kanca-kancaku liyane, Embun, Danu, lan Reno uga menehi aku tembung selamat.
23. Tembung sing padha tegese karo tembung bungah, yaiku … .
a. nesu
b. seneng
c. sereng
d. bingung
24. Rangking kang ditulis Bu Guru ing papan tulis, yaiku … .
a. 1-5
b. 1-10
c. 1-15
d. 1-20
25. Crita ing dhuwur iku crita pengalaman sing … .
a. mbungahake
b. ngguyokake
c. nrenyuhake
d. nganyelake

Baca Juga: Latihan Soal USBN Bahasa Indonesia Kelas 6 SD MI Tahun Pelajaran 2022 Terbaru, Lengkap dengan Kunci Jawaban
26. Basa ngoko wujude tembung ngoko, ora ana tembunge krama tumrap wong sing diajak guneman.
Biasane basa ngoko digunakake kanggo guneman marang ing ngisor iki, kajaba … .
a. Sapadha-padha
b. Atasan marang bawahane
c. Wong tuwa marang anake
d. Wong enom marang wong tuwa
27. Dewi Srikandi kapatah dadi … nalika perang Baratayuda.
a. senapati wanita
b. utusan wanita
c. utusan Prabu Kresna
d. utusan Resi Bisma
28. Dewi Srikandi bisa ngalahake Resi Bisma jalaran diangslupi sukmane … .
a. Dewi Sembadra
b. Dewi Drupadi
c. Dewi Amba
d. Dewi Ambalika
29. Roni mangan sega. Yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi … .
a. ?rnimznSeg.
b. ?[ronimznSeg.
c. ?rnmzsng.
d. ?rnimznSg.
30. ?al/gunu=merimilimev=kli[g[nDol\,
Menawa ditulis sing bener yaiku … .
a. Lahar Gunung Merapi mili menyang kali
b. Lahar Gunung Merapi mili kali gendol
c. Lahar Gunung Merapi mili menyang kali gendol
d. Lahar Gunung Merapi mili menyang Kali Gendhol
31. Sandhangan swara sing nglambangake e kaya ana ing tembung pethuk lan sate kuwi arane … .
a. wulu lan taling
b. suku lan pepet
c. layar lan pepet
d. pepet lan taling
32. Wong kuwi pinter pikire, yen ditulis nganggo aksara Jawa dadi … .
a. ?[w=okuwipite/piki/r.
b. ?w=kuwipine/Tpike/r.
c. ?[w=okuwipineT/piki/[r.
d. ?[n=okuwpinTTpk/i[r.
33. Ing ngisor iki kang mujudake pasangan n, yaiku … .
a. H
b. S
c. P
d. N
Wacanen tembang macapat ngisor iki!
Kinanthi
Sekar kinanthi pitutur
Tumprap tataraning murid
Mbangun turut gurunira
Gegaran wulang kang becik
Bekti marang ingkang rama
Mring kang ibu kudu bekti
34. Gatra kalima ing tembang dhuwur ana … wanda.
a. 8
b. 7
c. 6
d. 5
35. Tembang macapat Kinanthi ing dhuwur guru wilangan lan guru lagune yaiku … .
a. 12u,8i,8u,8i,8o
b. 8u,8i,8a,8i,8a,8i
c. 10i,6o,10o,10i,6i,6u
d. 8i,8a,8e,8a,8u,8a
Gatekake paugeran tembang macapat ngisor iki!
A. Tembang Gambuh iku kalebu tembang macapat
B. Cacahe gatra ing saben sapada ana 5
C. Guru wilangan lan guru lagune yaiku 7u,10u,12i,8u,8o
D. Duweni watak sedhih,sengsem,lan prihaten
36. Paugeran-paugeran dhuwur kang ora trep karo paugeraning tembang Gambuh yaiku … .
a. A
b. B
c. C
d. D
37. ?tumBsPknPitik\.,pasangan kang dienggo ana ukara tulisan Jawa ing dhuwur yaiku … .
a. M B P
b. T B P
c. B P
d. T P
38. Sawise lulus kuliyah ing jurusan Arsitek, Mas Andi banjur ketampa kerja ing bidang Arsitektur bageyan kontruksi bangunan. Arsitek tegese yaiku … .
a. sawijining seni kanggo ngrancang bangunan
b. pawongan kang pagaweyane ing bidang arsitektur
c. satunggaling desain bangunan kanthi rinci
d. professional konstruksi kanggo nggawe perencanaan
39. Guru duwe lelabuhan kang gedhe, nanging guru ora diwenehi tandha jasa kaya pahlawan. Mula guru iku pagaweyan kang mulya jalaran … .
a. Lelabuhane gedhe banget kaya dene pahlawan
b. Pagaweyane maringi piwulang marang murid
c. Duwe tugas minterke para siswa
d. Paring tuladha becik marang siswa
40. Gatekake gambar ngisor iki!
Arane pegaweyan kang jumbuh karo gambar yaiku … .
a. nelayan
b. pedagang
c. among tani
d. polisi

Halaman:

Editor: Ahmad Fitrianto


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah