45 Soal PAS Sumatif Bahasa Jawa Kelas 4 SD MI Semester 1 Tahun 2023-2024 Beserta Kunci Jawaban

- 5 November 2023, 05:55 WIB
45 Soal PAS Sumatif Bahasa Jawa Kelas 4 SD MI Semester 1 Tahun 2023-2024 Beserta Kunci Jawaban
45 Soal PAS Sumatif Bahasa Jawa Kelas 4 SD MI Semester 1 Tahun 2023-2024 Beserta Kunci Jawaban /freepik/

A. Wenehana tandha ping (X) ing aksara a, b, c, utawa d kang koanggep paling bener!
Wacanen kanthi premati!

Matur nuwun ibu
pangandikanmu rumasuk ing balung sumsumku
pindha latu mangalad-alad jroning kalbu
saengga paiting bratawali ora tau keprungu
aku setya tuhu marang piwelingmu
kang putra tansah nyuwun pangestu

1. Wacan ing dhuwur awujud ...
a. syair b. paribasan c. geguritan d. pantun

2. Tegese tembung kalbu yaiku ...
a. getih b. ati c. dhadha d. weteng

3. Paraga kang dicritakke geguritan ing dhuwur yaiku ...
a. anak b. simbah c. guru d. ibu

4. Irah-irahan kang trep kanggo geguritan ing dhuwur yaiku ...
a. Dongane Ibu c. Piwelinge Ibu
b. Pengarepane Anak d. Dongane Anak

Wacanen crita wayang ing nglsor iki kanthi premati kanggo mangsuli pitakon nomer 5
nganti 8!

Yudhistira Ratu Ngamarta

Yudhistira iku getihe putih tegese suci lair trusing batin. Dheweke iku ratu sing
jujur banget lan ora gelem goroh. Yudhistira pilih mati timbang dikongkon ngapusi.
Yudhistira iku watake sabar lan narima banget. Sanajan tansah disiya-siya, dipaeka
lan diarah patine dening Kurawa, dheweke tetep tresna, tetep menehi pangapura lan
trima ngalah. Nanging Kurawa saya angkara murka. Kraton Hastinapura dipek dhewe.
Kratone Pandhawa Indraprastha dirayah kanthi cara licik. Pandhawa diukum buwang suwene 12 taun lan kudu ndhelik setaun. Sawise kasil nglakoni ukumane Kurawa tetep
ora gelem menehake Indraprastha, saengga dumadi perang Bharatayudha.
Ing perang Bharatayudha, Pandhawa lan Kurawa adhep-adhepan minangka
mungsuh. Sagugure Resi Bhisma ing dina kaping 10, Kurawa ngangkat senapati
Begawan Drona. Begawan Drona iku pandhita sakti. Dheweke iku gurune Pandhawa
lan Kurawa, mula ora ana sing bisa nandhingi kasektene. Pandhawa meh bae kalah.
Nanging Bathara Kresna ngerti pengapesane Begawan Drona. Dheweke iku tresna
banget marang Aswatama anake. Menawa Aswatama mati, Begawan Drona mesthi
entek pengarep-arepe lan wegah nerusake perang.

5. Kang ora kalebu sipate Yudhistira yaiku ...
a. gelem ngapusi b. sugih pangapura c. jujur d. sabar

Halaman:

Editor: Abdul Rosyid


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah