Latihan Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 4 SD MI Semester 1 dan Kunci Jawaban Kurikulum 2013 Tahun 2023 2024

- 6 November 2023, 06:10 WIB
Latihan Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 4 SD MI Semester 1 dan Kunci Jawaban Kurikulum 2013 Tahun 2023 2024
Latihan Soal PAS Bahasa Jawa Kelas 4 SD MI Semester 1 dan Kunci Jawaban Kurikulum 2013 Tahun 2023 2024 /freepik/

Yudhistira iku getihe putih tegese suci lair trusing batin. Dheweke iku ratu sing
jujur banget lan ora gelem goroh. Yudhistira pilih mati timbang dikongkon ngapusi.
Yudhistira iku watake sabar lan narima banget. Sanajan tansah disiya-siya, dipaeka
lan diarah patine dening Kurawa, dheweke tetep tresna, tetep menehi pangapura lan
trima ngalah. Nanging Kurawa saya angkara murka. Kraton Hastinapura dipek dhewe.
Kratone Pandhawa Indraprastha dirayah kanthi cara licik. Pandhawa diukum buwang suwene 12 taun lan kudu ndhelik setaun. Sawise kasil nglakoni ukumane Kurawa tetep
ora gelem menehake Indraprastha, saengga dumadi perang Bharatayudha.
Ing perang Bharatayudha, Pandhawa lan Kurawa adhep-adhepan minangka
mungsuh. Sagugure Resi Bhisma ing dina kaping 10, Kurawa ngangkat senapati
Begawan Drona. Begawan Drona iku pandhita sakti. Dheweke iku gurune Pandhawa
lan Kurawa, mula ora ana sing bisa nandhingi kasektene. Pandhawa meh bae kalah.
Nanging Bathara Kresna ngerti pengapesane Begawan Drona. Dheweke iku tresna
banget marang Aswatama anake. Menawa Aswatama mati, Begawan Drona mesthi
entek pengarep-arepe lan wegah nerusake perang.

5. Kang ora kalebu sipate Yudhistira yaiku ...
a. gelem ngapusi b. sugih pangapura c. jujur d. sabar

6. Getihe putih tegese ...
a. ora nduwe dosa c. seneng ngalah
b. sabar banget d. suci lair batin

7. Paraga bakune crita wayang ing dhuwur yaiku ...
a. Yudhistira c. Resi Bhisma
b. Begawan Drona d. Kurawa

8. Kang dadi gurune Pandhawa lan Kurawa yaiku ...
a. Resi Bhisma c. Aswatama
b. Begawan Drona d. Bathara Kresna

Wacanen teks non sastra ing ngisor iki kanthi premati kanggo mangsuli pitakon nomer 9
nganti 12!

Upacara Kenduren

Kenduren kalebu salah sawijining upacara adat ing daerah Jawa Tengah. Jeneng
liyane kenduren, yaiku Slametan sing luwih dikenal ana ing kalangan masyarakat.
Kegiyatan iki dadi adat sing nomer siji sadurunge agama Islam mlebu ing tlatah Jawa.
Kenduren isine kegiyatan donga bebarengan sing dipimpin karo tokoh agama utawa
kepala suku. Ing jaman biyen, panganan dadi sesaji kanggo pasembahan ing upacara
adat iku.
Anane campuran budaya Islam, upacara Kenduren iki ngalami owah-owahan sing
gedhe, kabiyasan sadurunge, yaiku panganan sing digawe kanggo sesajen utawa
pasembahan, saiki diilangi lan diganti dadi mangan bareng-bareng utawa kembulan
bebarengan sawise acara bubar.

9. Upacara Kenduren dadi tradhisi ing tlatah ...
a. Jawa Tengah c. Jawa Barat
b. Jawa Timur d. Jawa

10. Kegiyatane upacara Kenduren yaiku ...
a. mangan-mangan bareng
b. nyepaki sesaji kanggo pasembahan
c. donga bebarengan dipimpin tokoh agama utawa kepala suku
d. arak-arakan karo nggawa panganan

Halaman:

Editor: Abdul Rosyid


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah