Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat, 8 Oktober 2021 Tema Maulid: Hikmah Kelahiranipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW

8 Oktober 2021, 06:55 WIB
Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat, 8 Oktober 2021 Tema Maulid: Hikmah Kelahiranipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW /Freepik

 

Portal Pati - Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat, 8 Oktober 2021 Tema Maulid: Hikmah Kelahiranipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW.

Khutbah Jumat singkat Bahasa Jawa tema Maulid dan Bulan Rabiul Awal pada kesempatan ini akan membahas Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat PDF Terbaru 2021: Hikmah Kelahiranipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW atau Hikmah Kelahiran Nabi Muhammad SAW.

Download teks Khutbah Jumat Bahasa Jawa singkat format PDF Terbaru 2021 tema Maulid dan Bulan Rabiul Awal yang berjudul Hikmah Kelahiran Nabi Muhammad SAW.

Baca Juga: Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat Tema Rabiul Awal 2021 Kisah Maulid Nabi Muhammad SAW 1443 H

Artikel Khutbah Jumat singkat Bahasa Jawa yang selengkapnya akan dibahas dibawah ini. Tersedia pula link unduh format PDF diakhir halaman.

Sebagaimana Dikutip PortalPati.com dari NU Online Ponorogo berikut ini teks Khutbah Jumat singkat Bahasa Jawa Terbaru 2021.

Baca Juga: Khutbah Jumat : Menyambut Bulan Rabiul Awal 1443 H Peringatan Maulid Nabi Muhammad SAW

Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat PDF Terbaru 2021: Hikmah Kelahiranipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW

Khutbah Pertama

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِى مَنَّ عَلَيْنَا بِالنَّبِيِّ الْكَرَيْمِ. وَهَدَانَا بِهِ إِلَى الصِّرَاطِ الْمُسْتَقِيْمِ. وَاسْتَنْقَذَنَا بِهِ مِنْ طُرُقِ الْجَحِيْمِ. وَأشْهَدُ أنْ لَا إلَهَ إلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الرَّبُّ الرَّحِيْمُ. وَأشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهَ وَرَسُوْلُهُ هُوَ بِالْمُؤْمِنِيْنَ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ.

اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصْحَابِهِ وَعَلَى مَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ فِى كُلِّ هَدْيٍ قَوِيْمٍ.

أمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللَّهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.

Ma’asyiral muslimin rakhimakumullah…

Monggo sareng-sareng ambudidoyo ningkataken taqwalloh, ajrih dumateng ngarsonipun Alloh, kanti nindaaken sedoyo printah-printah-Ipun soho nebihi sedoya awisan-awisan-Ipun. Sepados kitho sedoyo manggehaken kawilujengan soho kebahagiaan wonten ing dunyo ngantos akhiratipun.

Ma’asyiral muslimin, rahimakumullah…

Mboten keraos bilih dinten Jumat puniko kito sampun lumebet wonten ing wulan agung, wulan lahiripun junjungan kito Nabi Agung Muhammad Sallahu ‘alaihi wasallam, yakni wulan Robiul Awwal. Salah setunggaling wulan engkang kebak rahmat, kebak berkah kagem sedoyo umat islam ing jagat royo. Wulan ingkang tansah dipun agungaken sedoyo kaum muslim sedunia.

Kanti datengipun bulan Robiul Awwal (bulan Maulid) meniko ngemutaken dateng kito sedoyo, bilih: wonten ing dunyo meniko nate dipun laheraken setanggalipun manungso suci, manungso agung, Insan Kamil, manungso ingkang sampun paripurno. Paripurno dateng dirinipun piyambak, paripurno dateng keluarganipun, paripurno dateng sedoyo umat ingkang dipun pimpin. Inggih meniko kanjeng nabi Muhammad SAW.

Wonten ing kesempatan puniko kawulo mengajak dateng pribadi kawulo lan panjenengan sami tansah ngagungaken wulan puniko kanthi ngerayaaken dinten bersejarah kasebat lumantar mahos siroh panjenenganipun Rasulillah saw, lewat pujian, perjuangan utawi akhlak kanjeng Rasul, ingkang terangkum wonten ing karya-karyanipun tiyang-tiyang sholih, kados maulid Ad-Diba’iy, Qasidah Burdah, Maulidu Syaraful Anam lan sanes-sanesipun.

Ma’asyiral muslimin, rahimakumullah…

Imam As-Suyuti wonten kitab Husnul Maqshad fi ‘Amali al-Maulid nyebataken bilih wonten sekawan hikmah kengeng menopo Rosulalloh saw dipun lahiraken wonten dinten Senin wulan Robiul Awwal:

Sepisan, Wonten hadits ingkang nerangaken bilih dinten Senin Alloh nyiptaaken wit-witan (pohon). Meniko dados pertondo bilih Alloh nyiptaaken bahan makanan, rizki, buah-buahan tuwin sedoyo kesaenan dipun parengaken dateng sedoyo manungso kagem sumber kehidupanipun.

Kalih, Arti Robi’ meniko musim semi. Meniko dados inspirasi kados pendapatipun Abdurrohman As-Soqli engkang berpendapat bilih saben-saben nami meniko ngasto arti filosofi piyambak.

Tigo, Wulan Robiul Awwal meniko musim ingkang paling tenang tuwin paling nyaman cuacanipun. Semanten ugi syariatipun kanjeng nabi Muhammad saw meniko paling moderat tuwin mathuk dateng kondisi nopo kemawon.

Sekawan, Alloh moho wicaksono bade mulyaaken wulan kelahiran nabi Muhammad. Saumpami nabi Muhammad lahir wonten wulan Romadhon misalipun, mengke tiyang-tyang nganggep bilih kemulyaanipun Nabi meniko sebab lahir wonten wulan ingkang mulyo.

Sekawan hikmah meniko dados rahasia tersendiri kagem kanjeng nabi soho umatipun supados terus bersemi, terus bangkit saking keterpurukan tuwin saget berubah dados langkung sae.

Ma’asyiral muslimin, rahimakumullah…

Miturut pandangan sejarah, Poro sejarahwan sepakat bilih peringatan maulid Nabi pertama kali dipun gelar dening Raja Irbil Irak, Mudzaffar Abu Said Al- Kukburi bin Zainuddin Ali bin Buktikin (wafat. 630 H / 1232 M). Rojo ingkang cerdas, ahli strategi pemerintahan, dermawan, ‘alim dan wicaksono. Naliko semonten pemerintahanipun kirang stabil, poro rakyat kathah ingkang sami nilaraken syariat agomo, akhlakipun sami risak, kerusuhan-kerusuhan tuwin kemaksiatan-kemaksiatan milai merajalela.

Raja Mudzaffar anggadahi gagasan utawi ide ngawontenaken peringatan Maulid nabi saben wulan Robi’ul Awwal sareng-sareng kaliyan sedoyo elemen masyarakat, tokoh-tokoh tuwin rakyat jelata lan sak andahanipun. Wonten ing acoro kasebat dipun jelasaken ngengeni sejarah lan perjuangan, serto keteladanan nabi Muhammad SAW wiwit lahir ngantos kapundutipun. Ulama’ agung Syekh Al-Hafidz Ibnu Dahyah engkang nganggit kitab sejarah Nabi ingkang diparingi asmo At-Tanwir fi Maulidil Basyir An-Nadzir, dipun hadiahi Raja 1000 dinar.

Sak bakdanipun acara peringatan Maulid Nabi SAW kasebat, pemerintahan wangsul stabil, semangat pengamalan agami tan soyo sae, negari aman, tentrem lan tambah makmur. Ageng sanget manfaat engkang dipun hasilaken saking prengatan maulid Nabi saw kasebat.

Ngawontenaken prengetan maulid Nabi kados engkang dipun lampahi dening raja Mudhoffar menurut Al-Imam Al-Hafidz As-Suyuthi meniko bentuk mahabbah kito dateng panjenenganipun, kados sabdanipun kanjeng nabi Muhammad Saw :

مَنْ أَحَبَّنِى كَانَ مَعِيْ فِي الْجَنـَّةِ

“Sinten kemawon engkang mahabbah utawi cinta marang ingsing (nabi Muhammad saw) mongko wong kuwi bakal mlebu suwargo bareng ingsun”.

Tembung mahabbah meniko anggadahi makna engkang luas sanget, yakni remen dateng kanjeng nabi soho keluarganipun, nyonto akhlakipun lan turut gembira atas kelahiranipun kanjeng nabi. Sebab kehadiranipun Rasulullah meniko minongko anugerah, rohmat tuwin kado terindah kagem sedoyo alam semesta. Alloh swt dawuh:

لَقَدْ مَنَّ اللّٰهُ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ اِذْ بَعَثَ فِيْهِمْ رَسُوْلًا مِّنْ اَنْفُسِهِمْ

“Saktemene Alloh paring kanugrahan marang wong-wong kang podo iman naliko (Allah) ngutus rosul soko kalangane dewekne….”

Ngantos wonten setunggal hadits qudsi dipun riwayataken:

لَوْلَاكَ لَوْلَاكَ مَا خَلَقْتُ الْأَفْلَاكَ

“Lamun ora mergo awakmu, lamun ora mergo awakmu (Muhammad), mongko ingsun ora nyiptakne jagat raya.”

Ma’asyiral muslimin, rahimakumullah…

Poro sahabat sampun buktiaken mahabbah utawi cintanipun dateng Rosulollah saw kanti nyoto:

Ali Bin Abi Tholib gantosi ambenipun/ranjangipun Rosulalloh naliko dipun kepung kafir Quraisy bade dipun pejahi. Meniko taruhanipun nyowo.
Naliko mboten wonten tiyang ingkang percados bilih Rosulolloh dipun iso’ mi’rojaken, Abu Bakar As-Siddiq menikolah tyang ingkang pertama kali percados.
Umar Ibnu Khottob mboten lilo bilih Rosululloh dipun kabaraken wafat, hinggo sinten kemawon ingkang ngabaraken berita meniko bade dipun penggal sirahipun. Saking cintanipun dateng Rosululloh piyambakipun lali bilih Rosul meniko nggih manungso ingkang ugi bade wafat.
Ummu Sulaym ngempalaken keringetipun Rosululloh lajeng dipun abadikan.
Tsauban mboten saget pisah kaliyan Rosululloh saw senahoso namung sak klebatan.
Alhasil, Wulan Robiul Awwal meniko momentum ingkang sae kangge grayahi tuwin ngukur diri kito, sepinten agengipun mahabbah utawi cinta kito dateng Rosululloh saw. Lumantar Rosululloh kito saget ma’rifat dateng Alloh, pikantuk hidayah tuwin saget mangertosi toto caranipun ibadah dateng Alloh swt.

جَـعَلَنَا اللَّهُ وَاِيَّاكُمْ مِنَ الْفَائِزِيْنَ اْلآمِنِيْنَ، وَاَدْخَلَنَا وَاِيَّاكُمْ فِي عِبَادِهِ الصَّالِحِيْنَ، أَعُوْذُ بِاللَّهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ, لَقَدْ مَنَّ اللّٰهُ عَلَى الْمُؤْمِنِيْنَ اِذْ بَعَثَ فِيْهِمْ رَسُوْلًا مِّنْ اَنْفُسِهِمْ يَتْلُوْا عَلَيْهِمْ اٰيٰتِهٖ وَيُزَكِّيْهِمْ وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتٰبَ وَالْحِكْمَةَۚ وَاِنْ كَانُوْا مِنْ قَبْلُ لَفِيْ ضَلٰلٍ مُّبِيْنٍ.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. وَتَقَبَّلَ مِنِّى وَمِنْكُمْ تِلَاوّتَهُ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ الْعَلِيْمُ.

Khutbah Kedua

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الْوَاحِدِ الصَّمَدِ. اَلَّذِى لَمْ يَلِدْ وَلَمْ يُوْلَدْ وَلَمْ يَكُنْ لَهُ كُفُوًا أحَدٌ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ النَّبِيِّ الْكَرِيْمِ الْمُمَجَّدِ. وَعَلَى آلِهِ وَأصْحَابِهِ الَّذِيْنَ شَيَّدُوْا الدَّيْنَ بِعَزْمٍ قَوِيٍّ وَعَزِيْزِ الْمَدَدِ.

أمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ! أُوْصِيْكُمْ وَنفْسِى بِتَقْوَى اللَّهِ بِفِعْلِ الْمَأْمُوْرَاتِ وَتَرْكِ الْمَنْهِيَّاتِ. قَدْ أشْبَعَ لَكُمْ أنْوَاعُ الْخُطَبِ الْجُمْعِيَّةِ وَكَأَنِّى أنْظُرُ فِى أسْمَائِكُمْ بِهَا مَلْآن. وَلَكِنْ مَا أرَى مِنْكُمْ اِلّأ عَلَى جُمُوْدٍ عَرِيْقِ. قَلَّمَا تُغَيِّرُ أعْمَالَكُمْ تِلْكَ الْخُطَبُ اِلَى تَرْقِيَةِ الْأعْمَالِ وصَلَاحِ الْجَنَانِ. وَمَا اُمَثِّلُكُمْ اِلَّا كَالْحَدِيْدِ الْبَارِدْ. يُضْرَبُ كُلَّ وَقْتٍ لِيَمْتَدَّ فَلَمْ يَمْتَدِدْ. فّتَبَصَّرُوْا وَاَفِيْقُوْا ثُمَّ أحْسِنُوْا, اِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ الْمُحْسِنِيْنَ.

اَللّٰهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيْمَ، فِيْ الْعَالَمِيْنَ إِنَّكَ حَمِيْدٌ مَجِيْدٌ. اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ والْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ الْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ. إنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ, وَقَاضِى الْحَاجَاتِ. . اَللّٰهُمَّ اغْفِرْ لِاُمَةِ مُحَمَّدٍ. وَارْحَمْ أُمَّةَ مُحَمَّدٍ. وَأَصْلِحْ أُمَّةَ مُحَمَّدٍ. واسْتُرْ لِاُمَةِ مُحَمَّدٍ. اَللّٰهُمَّ انْصُرْهُمْ عَلَى أَعْدَائِهِمْ وَوَفِّقْهُمْ لِعَمَلٍ صَالِحٍ يَنفَعُهُمْ فِى دُنْيَاهُمْ وَأُخْرَاهُمْ. اَللّٰهُمََّ أَصْلِحْ وُلَاةَ أُمُوْرِنَا وَعُلَمَائَنَا وَزُعَمَائَنَا وَاجْعَلْ هِمَّتَهُمْ فِى اِزَالَةِ الْمُنْكَرَاتِ وَالْمَعَاصِى وَاهْدِهِمْ سَبِيْلَ الرَّشَادِ. اللَّهُمَّ ارْفَعْ وَادْفَعْ عَنَّا الْبَلَاءَ وَالْغَلَاءَ وَالْوَبَاءَ وَالطَّاعُوْن وّقَرَنَ وَالْفَحْشَاءَ وَالْمُنْكَرَ وَالْبَغْيَ وَالسُّيُوْفَ الْمُخْتَلِفَةَ وَالشَّدَائِدَ وَالْمِحَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ، مِنْ بَلَدِنَا هَذَا خَاصَّةً وَمِنْ بُلْدَانِ الْمُسْلِمِيْنَ عَامَّةً، إِنَّكَ عَلَى كُلِّ شَيْءٍ قَدِيْرٌ. اللَّهُمَّ إِنَّا نَسْأَلُكَ الْعَفْوَ والْعَافِيَةَ وَالْمُعَافَاةَ الدَّائِمَةَ فِى الدِّيْنِ وَالدُّنْيَا وَالْآخِرَةَ. رَبَّنَا آتِنَا فِى الدُّنْيأ حَسَنَةً, وَفِى ألآخِرَةِ حَسَنَةً, وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعّالّمِيْنَ.

عِبَادَ اللَّهِ. إنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى ويَنْهَى عَنِ الفَحْشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالبَغْيِ، يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ. فَاذكُرُوا اللَّهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ. وَاشْكُرُوْهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ. وَاسْئَلُوْهُ مِنْ فَضْلِهِ يُؤْتِكُمْ. وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرُ.

Baca Juga: Download Khutbah Jumat Bahasa Jawa PDF Tema Bulan Rabiul Awal 1443 H dan Menyambut Maulid Nabi Muhammad SAW

Inilah tadi teks Khutbah Jumat singkat Bahasa Jawa.

Link download teks Khutbah Jumat singkat Bahasa Jawa - KLIK DISINI

Semoga bermanfaat.***

Editor: Abdul Rosyid

Tags

Terkini

Terpopuler