Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat, 8 Oktober 2021 Tema Maulid: Hikmah Kelahiranipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW

- 8 Oktober 2021, 06:55 WIB
Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat, 8 Oktober 2021 Tema Maulid: Hikmah Kelahiranipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW
Khutbah Jumat Bahasa Jawa Singkat, 8 Oktober 2021 Tema Maulid: Hikmah Kelahiranipun Kanjeng Nabi Muhammad SAW /Freepik

اَلْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِى مَنَّ عَلَيْنَا بِالنَّبِيِّ الْكَرَيْمِ. وَهَدَانَا بِهِ إِلَى الصِّرَاطِ الْمُسْتَقِيْمِ. وَاسْتَنْقَذَنَا بِهِ مِنْ طُرُقِ الْجَحِيْمِ. وَأشْهَدُ أنْ لَا إلَهَ إلَّا اللَّهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَهُ الرَّبُّ الرَّحِيْمُ. وَأشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهَ وَرَسُوْلُهُ هُوَ بِالْمُؤْمِنِيْنَ رَؤُوْفٌ رَحِيْمٌ.

اللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِهِ وَأصْحَابِهِ وَعَلَى مَنْ تَبِعَهُمْ بِإحْسَانٍ فِى كُلِّ هَدْيٍ قَوِيْمٍ.

أمَّا بَعْدُ: فَيَاأيُّهَا الْحَاضِرُوْنَ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللَّهِ وَطَاعَتِهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ.

Ma’asyiral muslimin rakhimakumullah…

Monggo sareng-sareng ambudidoyo ningkataken taqwalloh, ajrih dumateng ngarsonipun Alloh, kanti nindaaken sedoyo printah-printah-Ipun soho nebihi sedoya awisan-awisan-Ipun. Sepados kitho sedoyo manggehaken kawilujengan soho kebahagiaan wonten ing dunyo ngantos akhiratipun.

Ma’asyiral muslimin, rahimakumullah…

Mboten keraos bilih dinten Jumat puniko kito sampun lumebet wonten ing wulan agung, wulan lahiripun junjungan kito Nabi Agung Muhammad Sallahu ‘alaihi wasallam, yakni wulan Robiul Awwal. Salah setunggaling wulan engkang kebak rahmat, kebak berkah kagem sedoyo umat islam ing jagat royo. Wulan ingkang tansah dipun agungaken sedoyo kaum muslim sedunia.

Kanti datengipun bulan Robiul Awwal (bulan Maulid) meniko ngemutaken dateng kito sedoyo, bilih: wonten ing dunyo meniko nate dipun laheraken setanggalipun manungso suci, manungso agung, Insan Kamil, manungso ingkang sampun paripurno. Paripurno dateng dirinipun piyambak, paripurno dateng keluarganipun, paripurno dateng sedoyo umat ingkang dipun pimpin. Inggih meniko kanjeng nabi Muhammad SAW.

Wonten ing kesempatan puniko kawulo mengajak dateng pribadi kawulo lan panjenengan sami tansah ngagungaken wulan puniko kanthi ngerayaaken dinten bersejarah kasebat lumantar mahos siroh panjenenganipun Rasulillah saw, lewat pujian, perjuangan utawi akhlak kanjeng Rasul, ingkang terangkum wonten ing karya-karyanipun tiyang-tiyang sholih, kados maulid Ad-Diba’iy, Qasidah Burdah, Maulidu Syaraful Anam lan sanes-sanesipun.

Ma’asyiral muslimin, rahimakumullah…

Halaman:

Editor: Abdul Rosyid


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah