Khutbah Jumat NU Bahasa Jawa Singkat: Mewujudkan Masyarakat Beragama dan Keberagamaan di Hari Santri 2021

- 23 Oktober 2021, 03:00 WIB
Khutbah Jumat NU Bahasa Jawa Singkat: Mewujudkan Masyarakat Beragama dan Keberagamaan di Hari Santri 2021
Khutbah Jumat NU Bahasa Jawa Singkat: Mewujudkan Masyarakat Beragama dan Keberagamaan di Hari Santri 2021 /Abdul Rosyid/Portal Pati

Sesungguhnya orang-orang kafir yakni ahli kitab dan orang-orang musyrik yang masuk neraka jahannam dan mereka kekal didalamnya. Mereka itu adalah seburuk-buruk makhluk. Sesungguhnya orang-orang yang beriman dan mengerjakan amal shaleh, mereka itu adalah sebaik-baik makhluk. Balasan bagi mereka di sisi Tuhan adalah surga ‘Adn, yang mengalir dibawahnya sungai-sungai, mereka kekal didalamnya selama-lamanya. Allah ridho terhadap mereka dan mereka-pun ridho kepada-Nya. Yang demikian itu adalah (balasan) bagi oranmg-orang yang taqwa (takut) kepada Tuhannya.

 

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللهُ لَقَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ وَنُوْدُوْا أَنْ تِلْكُمُ الْجَنَّةُ أُوْرِثْتُمُوْهَا بِمَا كُنْتُمْ تَعْمَلُونَ. أَشْهَدُ أَنْ لَا اِلٰهَ اِلَّا اللهُ اَلْوَاحِدُ الْـمَـنَّانُ وَأَشْهَدُ أَنَّ سَيِّدَناَ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ. أَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَسَلِّمْ تَسْلِيْمًا كَثِيْرًا أَمَّابَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ


Hadirin Jama’ah Jum’ah rahimakumullah,
Sadaya puji namung kagunganipun Allah ﷻ Dzat ingkang nguwaosi sadaya alam. Dzat kang Maha Welas lan Maha Asih. Ingkang maringi Taufiq lan Hidayah dhumateng sok sintena tiyang ingkang dipunkersakaken. Sholawat lan salam mugi tansah dipun paringaken dhumateng junjungan kita, panutan kita, nabi akhir zaman, Rasulullah Muhammad ﷺ, ugi dhumateng para kulawarga, shahabat, lan tiyang-tiyang ingkang tansah manut lan mituhu dhumateng panjenenganipun.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,
Negari Indonesia dipun wujudaken dening para pemimpin ingkang tansah ngugemi piugeranipun agami. Sahingga wiwit saking usaha perang nglawan poro penjajah tansah dipun lambari kanthi kalimat takbir “Allahu Akbar”. Kanthi mekaten boten selak malih, pengakenan punika dipun cathet wonten ing salebetipun Pembukaan Undang-undang dasar 1945. “Atas berkat rahmat Allah Yang Maha Kuasa dan dengan didorongkan oleh keinginan luhur supaya berkehidupan kebangsaan yang bebas, maka rakyat Indonesia menyatakan dengan ini kemerdekaannya”.

Kanthi dasar punika nedahaken, bilih negari Indonesia tansah ngakeni wontenipun agami, lan para penganutipun dipun lindungi dening undang-undang. Ananging negari Indonesia sanes nagara agama, ananging Pancasila minangka dasar negara Indonesia. Kanthi Pancasila sedaya agama dipun jamin lan dipun lindungi dening pemerintah. Kosok wangsulipun negari Indonesia boten marengaken dasar negara komunis, inggih punika ingkang boten ngakeni wontenipun agami. Mangga kita tansah ngudi ningkataken anggenipun ngamalaken agama. Jalaran sampun jelas bilih komunis boten cocok kalian iman lan budayanipun masyarakat Indonesia, ingkang tansah yakin wontenipun Allah SWT.

Melalui Keputusan Preesiden (Kepres) nomor 22 tahun 2015 bapak Prsedien Jokowidodo netepaken bilih tanggal 22 Oktober sebagai hari santri nasional. Tanggal 22 Oktober piunko merujuk Fatwa Resolusi Jihad panjenenganipun Rois Akbar Nahdlatul Ulama’ KH. Hasyim As’ary, bilih fatwa puniko nggeraaken poro santri, kyai lan sedoyo umat Islam kagem ngusir tentara sekutu ngantos pecahipun peristiwa 10 Nopember. Dipun tetepaken hari Santri kanthi tujuan kagem nuladhani semangat jihad ke-Indonesia-an para pendahulu.

Semanten ugi anggenipun mujudaken sedaya maksud lan tujuan, ngagem cara-cara ingkang dipun garisaken dening Allah lan rasulipun, kanthi langsung utawi mawi undang-undang ingkang dipun tetepaken dening para umaro’. Cara-cara ingkang dipun tindakaken dening para komunis inggih punika ingkang marengaken sedaya cara kangge mujudaken tujuanipun. Cara mekaten punika boten dipun parengaken dening agami, kados pangandikanipun rasul:

إِنَّ الْحَلاَلَ بَيِّنٌ وَإِنَّ الْحَرَامَ بَيِّنٌ وَبَيْنَهُمَا أُمُوْرٌ مُشْتَبِهَاتٌ لاَ يَعْلَمُهُنَّ كَثِيْرٌ مِنَ النَّاسِ، فَمَنِ اتَّقَى الشُّبُهَاتِ فَقَدْ اسْتَبْرَأَ لِدِيْنِهِ وَعِرْضِهِ، وَمَنْ وَقَعَ فِي الشُّبُهَاتِ وَقَعَ فِي الْحَرَامِ (رواه البخاري ومسلم

“Satuhune perkara kang halal iku wus jelas lan kang haram uga wus jelas. Ing antarane lorone ana perkara-perkara kang subhat (remeng-remeng) kang ora dingerteni wong akeh. Mangka sapa wonge kang njaga awake seka perkara kang syubhat ateges dheweke wus nylametake agama lan kinurmatane. Lan sapa wonge kepleset ing perkara kang subhat ateges kepeset ing perkara kang diharamake”. (HR. Buchari Muslim)

Halaman:

Editor: Abdul Rosyid


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah