Khutbah Jumat NU Bahasa Jawa Singkat: Mewujudkan Masyarakat Beragama dan Keberagamaan di Hari Santri 2021

- 23 Oktober 2021, 03:00 WIB
Khutbah Jumat NU Bahasa Jawa Singkat: Mewujudkan Masyarakat Beragama dan Keberagamaan di Hari Santri 2021
Khutbah Jumat NU Bahasa Jawa Singkat: Mewujudkan Masyarakat Beragama dan Keberagamaan di Hari Santri 2021 /Abdul Rosyid/Portal Pati

Kanthi mekaten sedaya tumindak ingkang boten pikantuk karidhan saking ngarsa dalem Allah SWT, yektos sawekdal-wekdal badhe damel cilaka malah badhe hancur. Mekaten punika sampun kabukten nalika faham komunis badhe katancepaken ing negara Indonesia, malah badhe nggantos dasaripun negari inggih Pancasila kanthi dasar komunis, akhiripun inggih hancur. Gerakan 30 September 1965 Partai Komunis Indonesia akhiripun hancur, sahingga ing tanggal 1 Oktober 1965 Pancasila tetep dados dasaripun negari Indonesia. Lan ing saben tanggal 1 Oktober dipun pengeti Hari Kesaktian Pancasila.
Kaum muslimin jema’ah Jum’ah Rahimakumullah

Satuhunipun hukum halal lan haram punika dipun tetepaken dening Allah, supados tumindakipun manungsa punika wonten piugeranipun. Kanthi halal lan haram punika ateges wonten tumindak ingkang kedah dipun tindakaken lan wonten tumindak ingkang kedah dipun tilar. Tiyang ingkang sampun yakin dhateng Allah badhe pitados bilih sedaya tumindak manungsa punika dipun mangertosi dening Allah. Jalaran Allah punika zat ingkang Maha Pirsa, kasebat ing dalem Alquran:

Allah badhe pitados bilih sedaya tumindak manungsa punika dipun mangertosi dening Allah. Jalaran Allah punika zat ingkang Maha Pirsa, kasebat ing dalem Alquran:

“Lan wong-wong kafir padha ngucap: “dinane tangi saka kubur iku ora bakal teka marang kita”. Dhawuha sira (Muhammad): “mesthi teka, dhemi Pangeran Ingsun kang nguningani kang samar, sejatine kiyamat iku mesthi teka marang sira kabeh. Ora bakal diilangake saka Panjenengane sabobot semut pudhak (paribasane) kang ana ing langit lan bumi, lan (uga) ora ana kang luwih cilik saka iku lan kang luwih gedhe, kejaba kasebut ing sajrone kitab kang cetha (Lauhul Mahfuz)”. (QS. Saba’: 3)

Sasampunipun Allah mangertosi sedaya amal pedamelanipun para manungsa, Allah badhe paring piwales kanthi ganjaran suwarga utawi neraka. Piwalese dheweke kabeh ing ngersane Pangerane yaiku suwarga “Adn kang mili ing sangisore suwarga, kali-kali,dheweke kabeh padha langgeng ing jero suwarga kana sak lawas-lawase, Allah rila marang dheweke kabeh, lan dheweke kabeh uga rila marang Panjenengane (Gusti Allah). Hiya kang mengkana iku (wujude piwales) tumrap wong kang wedi marang Pangerane”.

Kanthi mekaten, menawi tumindakipun tiyang Islam ghadhahi tujuan ingkang panjang, inggih punika supados bahagia gesang ing dunya lan akherat. Ananging tiyang-tiyang komunis, namung ghadhahi tujuan bahagia gesang ing dunya kemawon. Wontenipun Gusti Allah, para malaikat, siksa kubur, ara-ara mahsyar, hisab, suwarga lan neraka piyambakipun boten pitados, sahingga tiyang komunis saget ngalalaken ingkang haram. Jalaran hukum namung wonten ing dunya kemawon ingkang dipun damel dening manungsa.

Kanthi mekaten perjuangan lan pengorbananipun para pahlawan kita ingkang tansah ngugemi agami, mangga kita uri-uri kita teladhani, supados negari Indonesia dados negarai ingkang aman, sentaosa, tata, titi, tentrem kerta raharja, gemah ripah loh jinawi, kanthi pikantuk ridha saking ngarsa dalem Allah SWT, amin.

 

إِنَّ الَّذِيْنَ كَفَرُوْا مِنْ أَهْلِ الْكِتَابِ وَالْـمُشْرِكِيْنَ فِى نَارِ جَهَنَّمَ خَالِدِيْنَ فِيْهَا. أُولٓئِكَ هُمْ شَرُّ الْبَرِيَّةِ. إِنَّ الَّذِيْنَ آمَنُوْا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ أُوْلٓئِكَ هُمْ خَيْرُ الْبَرِيَّةِ. جَزَآؤهُمْ عِنْدَ رَبِّهِمْ جَنَّاتُ عَدْنٍ تَجْرِى مِنْ تَحْتِهَا اْلأَنْهَارُ خَالِدِيْنَ فِيْهَا أَبَدًا. رَضِيَ اللهُ عَنْهُمْ وَرَضُوْا عَنْهُ, ذَلِكَ لِـمَنْ خَشِيَ رَبَّهُ.


بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنِى وَاِيَّا كُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْاٰيَاتِ وَالذِّكْرِالْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِى هٰذَا وَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنَّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرَّحِيْمُ, وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَأَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْنَ.

Halaman:

Editor: Abdul Rosyid


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah