Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa 18 Maret 2022 'MULYONE MALEM NISFU SYA’BAN' Keutamaan Malam Nisfu Sya'ban

- 18 Maret 2022, 09:49 WIB
Rekomendasi Ucapan untuk Menyambut Nisfu Sya’ban 2022 yang Bisa Dibagikan ke Sosial Media Gratis
Rekomendasi Ucapan untuk Menyambut Nisfu Sya’ban 2022 yang Bisa Dibagikan ke Sosial Media Gratis /freepik/

Monggo sareng-sareng ningkataken taqwalloh, ajrih dumateng ngarsonipun Alloh, kanti nindaaken sedoyo printah-printah-Ipun soho nebihi sedoya awisan-awisan-Ipun. Sepados kitho sedoyo manggehaken kawilujengan soho kebahagiaan wonten ing dunyo ngantos akhiratipun.

Ma’asyiral muslimin hafidhakumullah…

Alhamdulillah, wekdal puniko kitho manggen wonten ing wulan Sya’ban, engkang ateges soyo caket dateng wulan Romadhon. Dipun sebat Sya’ban, kranten wulan engkang cabang-cabangipun kesaenan kathah sanget (yatasya’abu minhu khairun katsir). Makno lintunipun, Sya’ban musytaq saking Syi’b, ateges dalan erenge gunung utawi dalan kesaenan.

Posisi wulan Sya’ban engkang kecepit wulan Rojab lan Romadhon, meniko andadosaken Sya’ban kawon populeripun kalian kekalihipun. Ngantos Kanjeng Nabi ngecap wulan meniko wulan engkang dipun “LALEAKEN”. Kados sabdonipun:

ذَلِكَ شَهْرٌ يَغْفُلُ النَّاسُ عَنْهُ بَيْنَ رَجَبٍ وَرَمَضَانَ (رواه النسائي)

“(Sya’ban) iku wulan kang dilaleake poro manungso, kang manggon ing anatarane wulan Rojab lan Romadhon.” (HR. An-Nasa’i)

Wonten ing kitab Ma Dza fi Sya’ban, karyanipun Sayyid Muhammad bin Alawi Al-Maliki nyebataken tigang peristiwa penting, saklintunipun malem Nishfu Sya’aban, engkang ngrubah beragamanipun tyang muslim:

Pindahipun Kiblat
تَحْوِيْلُ القِبْلَةِ

Pindahipun kiblat saking Masjidil Aqsha dateng Masjidil Haram meniko dumawah wonten ing wulan Sya’ban. Pindahipun kiblat meniko setungalipun perkawis engkang sanget dipun ajeng-ajeng Kanjeng Nabi. Dipun riwayataken, bilih Kanjeng Nabi saben dinten ngadek ndangak ningali langit nenggo temurunipun wahyu. Lajeng Alloh swt ngabulaken pengarep-arep ipun Kanjeng Nabi kanthi nurunaken Surat Al-Baqarah ayat 144:

قَدْ نَرَىٰ تَقَلُّبَ وَجْهِكَ فِي السَّمَاءِ ۖ فَلَنُوَلِّيَنَّكَ قِبْلَةً تَرْضَاهَا ۚ فَوَلِّ وَجْهَكَ شَطْرَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ ۚ وَحَيْثُ مَا كُنتُمْ فَوَلُّوا وُجُوهَكُمْ شَطْرَهُ ۗ وَإِنَّ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ لَيَعْلَمُونَ أَنَّهُ الْحَقُّ مِن رَّبِّهِمْ ۗ وَمَا اللَّهُ بِغَافِلٍ عَمَّا يَعْمَلُونَ

Halaman:

Editor: Uswatun Khasanah


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah