Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa 18 Maret 2022 'MULYONE MALEM NISFU SYA’BAN' Keutamaan Malam Nisfu Sya'ban

- 18 Maret 2022, 09:49 WIB
Rekomendasi Ucapan untuk Menyambut Nisfu Sya’ban 2022 yang Bisa Dibagikan ke Sosial Media Gratis
Rekomendasi Ucapan untuk Menyambut Nisfu Sya’ban 2022 yang Bisa Dibagikan ke Sosial Media Gratis /freepik/

Wonten ing malem kasebat, Alloh “mandap” nyelak dateng kawulo-kawulonipun kanthi paring maghfiroh, rohmat, ngabulaken dungo, ngicalaken kesisahan, mbebasaken sebagian golongan saking neroko, lan nulis rizki ugi amal. Rosulallah Muhammad saw dawuh:

إِنَّ اللَّهَ لَيَطَّلِعُ فِي لَيْلَةِ النِّصْفِ مِنْ شَعْبَانَ، فَيَغْفِرُ لِجَمِيعِ خَلْقِهِ إِلاَّ لِمُشْرِكٍ أَوْ مُشَاحِنٍ. (أخرجه ابن ماجه)

“Temen Alloh ono malem Nishfu Sya’ban mrikso (mersani amalane poro kawulo). Banjur Alloh pareng pangapuro marang kabeh kawulone, sakliyane wong musyrik lan wong kang ekeran karo sedulure.” (HR. Ibnu Majah)

Malem Nishfu Sya’ban anggadahi sebutan engkang kathah sanget. Meniko nedahaken mulyonipun malem Nishfu Sya’ban. Ing antawisipun:

Malem engkang dipun berkahi اللَّيْلةُ المُبَارَكةُ
Malem pembagian rizqi ugi penetapan takdir لَيْلَةُ الْقِسْمَةِ
Malem penghapusan doso لَيْلَةُ التَّكْفِيْرِ
Wonten malem Nishfu Sya’ban Allah ngapuro doso setahun, wonten malem Jum’at ngapuro doso seminggu, lan wonten malam Qodr ngapuro doso sak umur.

Malem ijabahipun dungo لَيْلَةُ الإِجَابَةِ
Ibnu Umar ra. ngeriwayatken, wonten gangsal malem engkang mustajab, ing antwisipun malem Nishfu Sya’ban

Malem gesang ugi malem riyoyone Moloikat لَيْلَةُ الحَيَاةِ ولَيْلَةُ عِيْدِ المَلَائكَةِ
Malem Nishfu Sya’ban meniko dinten riyoyo nipun malaikat lan piyambakipun mboten sare sewengi muput.

Malem syafaat (pitulungan) لَيْلَةُ الشَّفَاعَةِ
Malem pembebasan ugi malem pengakuan ampunan لَيْلَةُ الْبَرَائَةِ وَلَيْلَةُ الصَّكِّ
Malem pareng hadiah لَيْلَةُ الْجَائِزَةِ
Malem ampunan لَيْلَةُ الْغُفْرَانِ
Wondene caranipun ngurep-ngurep malem Nishfu Sya’ban menggahipun ulama’ Syam wonten kalih pendapat:

Dipun sunnahaken ngurep-ngurep kanthi ngathah-ngathahaken ibadah sarono berjamaah wonten masjid.
Dipun makruhaken kempal sareng ngurep-ngurep kanthi ibadah wonten masjid. Mboten makruh menawi dipun tindaaken piyambak-piyambak wonten griyo. (Ma Dza fi Sya’ban)
Mugi-mugi kitho kalebet golonganipun tyang-tyang engkang mboten niyak-niyaaken mulyonipun wulan Sya’ban wabil khusus malem Nisgfu Sya’ban meniko, senaoso ngayahi kesibukan duniawi engkang kathah sanget. Aamin

جَعَلَنا اللهُ وَإيَّاكم مِنَ الفَائِزِين الآمِنِين. وَأدْخَلَنَا وإِيَّاكم فِي زُمْرَةِ عِبَادِهِ المُؤْمِنِيْنَ. أعُوذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطانِ الرَّجِيمْ: وَسَارِعُوْا اِلَى مَغْفِرَةٍ مِنْ رَبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّموَاتُ وَالْاَرْضُ. أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِيْنَ.

Halaman:

Editor: Uswatun Khasanah


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah