Nabi Muhammad SAW nate tangleti dening sahabat Sa’ad bin Abi Waqos: “Ya, Rasulullah, sinten tiyang ingkang paling abot nampi ujian saking Allah ing donya meniko?” Nabi Muhammad jawab:
اَشَدُّ بَلَإءً اَلْاَنْبِيَاءُ ثُمَّ الْعُلَمَاءُ ثُمَّ اْلاَمْثَلُ فَالْاَمْثَلُ
Artosipun: “Ujian kang paling abot yoiku ujian Nabi, lan para ulama, lan wong-wong kang nyerupaini lan sapanunggalane.”
Hikmah kaping tiga, dhateng Allah inggih meniko final, sampun ngantos tresno kito ing makhluk ngalahaken tresno kito dhateng Allah. Kito kedah inget bilih ing lebet badan manungsa wonten manah, akal, lan hawa nafsu.
Nafsu meniko cenderung ing hal-hal ingkang gadhah sipat material kados bondo dunya ingkang ngarah dhateng kepuasan pribadi.
Putra putri lan bondo kesugihan inggih meniko simbol kepuasan duniawi, ingkang tansah dipuntresnoni dening umat manungsa. Nanging, nyatanipun putra putri lan bondo kesugihan kito dipungunaaken dening Allah kangge nguji takwa lan iman umat manungsa. Allah berfirman lebet Serat al-anfal ayat 28:
وَٱعْلَمُوٓا۟ أَنَّمَآ أَمْوَٰلُكُمْ وَأَوْلَٰدُكُمْ فِتْنَةٌ وَأَنَّ ٱللَّهَ عِندَهُۥٓ أَجْرٌ عَظِيمٌ
Artosipun: Ngertio siro kabeh, sabenere bondo dunya lan anak-anak iku kabeh dadi ujian, mula sabenere mung ing sisih Allah anane pahala kang gedhe (QS. al-Anfal: 28)