Naskah Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Pekan 2 Ramadhan 2023: Enam Adab Puasa Menurut Imam Al Ghazali

- 30 Maret 2023, 18:20 WIB
Naskah Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Pekan 2 Ramadhan 2023: Enam Adab Puasa Menurut Imam Al Ghazali
Naskah Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Pekan 2 Ramadhan 2023: Enam Adab Puasa Menurut Imam Al Ghazali /ade kurniawan

Baca Juga: Kumpulan Soal OSN Astronomi SMA MA Terbaru 2023, Lengkap Pembahasan dan Kunci Jawaban Jelang Olimpiade 2023

Ibadah siyam ingkang kita lampahi susah payah kaliyan nahan ngelak lan luwe mulai enjing ngantos maghrib, bakal sia-sia tanpa pahala menawi kita mboten kuwawi nahan dhiri saking perbuatan-perbuatan ingkang saged ngelarani tiyang sanes. Ngelarani tiyang sanes inggih punika kezaliman lan termasuk kemaksiatan.

Pramila, kepripun wigatosipun tansah ngemut-emut menawi ing lebeting sasi pasa kita saestu kedah saged njagi lesan supados mboten sapisan-pisan kangge ngelarani tiyang sanes kados memfitnah, moyoki lan sanes sanesipun.

Kaping enem, njagi anggota badan saking sedaya macem lampahan awon. Utaminipun ing sasi pasa, kedahipun kita angsal njagi tangan kita supados mboten kita angge kangge maksiat kados njotos tiyang sanes utawi nyolong, lan sanesipun.

Suku ugi kedah kita jagi sasae mungkin kaliyan mboten kangge kesah dhateng panggenan-panggenan tertamtu kangge lampah maksiat lan sanesipun. Mekaten ugi mripat lan kuping kita kedahipun tansah kita jagi sasae-saenipun supados mboten kita angge kangge nglampahaken lampahan maksiat ingkang dosanipun dilipatkan lebeting sasi suci punika.

Intinipun, sampun nagntos kita siyam nanging mboten angsal punapa-punapa kejawi ngelak lan luwe mawon amargi kathah nglanggar unggah-ungguhing siyam kados kang dikhawatiraken Rasululllah shallallahu ‘alaihi wasallam lebet setunggaling hadits ingkang diriwayatkan Imam Ahmad:

كَمْ مِنْ صَائِمٍ لَيْسَ لَهُ مِنْ صِيَامِهِ إلاَّ اْلجُوْعُ وَاْلعَطَسُ

Artosipun : “Akeh wong poso, nanging deweke kabeh ora oleh opo-opo kejaba luwe lan ngelak.”

Baca Juga: Kumpulan Soal OSN Ekonomi SMA MA Terbaru 2023, Lengkap Pembahasan dan Kunci Jawaban Jelang Olimpiade 2023

Jamaah jemuwah hafidhakumullah,

Halaman:

Editor: Abdul Rosyid


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x