Naskah Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Pekan 2 Ramadhan 2023: Enam Adab Puasa Menurut Imam Al Ghazali

- 30 Maret 2023, 18:20 WIB
Naskah Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Pekan 2 Ramadhan 2023: Enam Adab Puasa Menurut Imam Al Ghazali
Naskah Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Pekan 2 Ramadhan 2023: Enam Adab Puasa Menurut Imam Al Ghazali /ade kurniawan

آدَابُ الصِّيَامِ: طَيِّبُ اْلغِذاَءِ، وَتَرْكُ اْلمِرَاءِ، وَمُجَانَبَةُ اْلغِيْبَةِ، وَرَفْضُ اْلكَذِبِ، وَتَرْكُ اْلآذَى، وَصَوْنُ اْلجَوَارِحِ عَنِ اْلقَبَائِحِ

Artosipun: “Adab siyam, inggih punika: mengonsumsi dhahar ingkang sae, ngindari tukar padu, nebihi ghibah (ngrasani tiyang lintu), nolak dusta, mboten ngelarani tiyang sanes, njagi anggota badan saking sedaya lampahan awon.”

Baca Juga: Khutbah Jumat Pendek Bulan Ramadhan 2023 Bahasa Jawa: Tiga Waktu Mustajabah Terkabulnya Doa di Bulan Ramadhan

Jamaah jemuwah hafidhakumullah,

Monggo, kaping enem unggah-ungguh sakepripun dipunsebataken ing inggil kita oncek’i (kupas) setunggal-setunggal:

Pertami, dhahar dhaharan ingkang sae. Salami siyam, mliginipun ing sasi pasa, dhahar ingkang sasaenipun kita konsumsi inggih punika dhahar ingkang sae utawi halalan thayyiba. Dhahar ingkang dipunmaksud mboten dhaharan ingkang eca utawi awis, nanging dhahar ingkang sae kangge kesarasan lan tamtu mawon ugi halal menurut syarí.

Pinten-pinten dhaharan dipuntepang eca sanget kados cumi-cumi, rempelo, ati, otak lan sanesipun. Nanging sadayaning dhaharan punika ngandhut katah protein ingkang lebet jangka pendhek utawi panjang saged ngrugikaken kesarasan mliginipun kangge tiyang ingkang sampun kenging kelesterol tinggi.

Pinten-pinten dhahar ingkang sae kita konsumsi salami pasa, selain dhaharan pokok kados sekul utawi sanesipun, inggih punika kurma, madu, sayuran, daging, ulam, lan sanes sanesipun.

Intinipun, dhaharan ingkang miturut Kesehatan sae kangge dikonsumsi saha halal miturut syarí. Syukur-syukur dhaharan punika wonten tuntunanipun ing lebet agami baik adhedhasar al-qur’an utawi hadits Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam kados madu lan kurma kados kang sampun dipunsebataken ing inggil.

Baca Juga: Fadhilah Tarawih Ke 9: Keutamaan Shalat Tarawih Malam Ke 9 Ramadhan Seperti Ibadahnya Para Nabi dan Rasul

Halaman:

Editor: Abdul Rosyid


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x