PDF Teks Khutbah Jumat Ramadhan Singkat Padat 5 Menit Bahasa Jawa: Mendidik Hawa Nafsu di Bulan Ramadhan

- 30 Maret 2023, 18:28 WIB
PDF Teks Khutbah Jumat Ramadhan Singkat Padat 5 Menit Bahasa Jawa: Mendidik Hawa Nafsu di Bulan Ramadhan
PDF Teks Khutbah Jumat Ramadhan Singkat Padat 5 Menit Bahasa Jawa: Mendidik Hawa Nafsu di Bulan Ramadhan /Khairul Onggon/pexels

Akhiripun Allah paring ukuman dateng nafsu kanthi diluwekaken (pasa) samapai seribu tahun. Saksampunipun, lajeng dipun dangu Allah; “he nafsu… kowe ki sapa, lan Aku iku sapa? Jawabe nafsu sampun berubah; “kula menika makhlukipun ugi kawulanipun Panjengan. Panjengan menika pengeran kawula”.

Atas dasar Syaikh Muhyidin Ibn al-Arabi menika, wulan Ramadan menjadi momentum ingkang paling tepat kagem menundukkan nafsu kita, saha diajak supados purun nindakken sedayo amalan ingkang sahe, saha ngedohi perkawis ingkang awon.

Wulan Ramadhan menika merupakan laboratorium ingkang dipun rancang Alloh kagem menundukkan nafsu., sekaligus ramadhan menika dados miniatur/potret gesang kita sakdanguni 11 wulan sakterusipun. Artosipun, kados pundi model saha kualitas ibadah kita saksampunipun wulan ramadhan saget dipun tingali saking kebiasaan kita wonten wulan ramadhan.

Menawi wonten wulan ramadhan menika saget ajek, rutin, istiqomah nindaaken sholat berjamaah, ingsa Allah, 11 wulan sak bibaripun ramadhan, kita ugi saget nindakaken sholat berjamaah. Pun ugi menawi wonten wulan ramadhan menika saget ajek, rutin, istiqomah nindaaken tadarrus, maos al-Qur’an, ingsa Allah, 11 wulan sak bibaripun ramadhan, kita ugi saget nindakaken maos al-quran sarta ibadah-ibadah sanesipun.

Para sederek Kaum Muslimin ingkang Minulya,

Kanjeng Nabi dawuh:

رُبَّ صَـائـِمٍ لَـيـْسَ مِنْ صِيَامِـهِ اِلَّا اْلـجُـوْعَ وَاْلـعَطَشَ

“Pirang pirang wong kang pasa , kang saka pasane ora oleh apa apa kejaba mung ngelak lan luwe” (HR. An Nasai, Ibn Majah lan Al Hakim).

Dawuh saking kanjeng Nabi Muhammad SAW menika paring isyarah saha pelajaran bilih hakekatipun pasa mboten anamung, menghindarkan diri saking dahar saha minum, ananging ugi menghindarkan nafsu kita saking sifat-sifat ingkang mboten sahe.

Wonten wulan ramadhan menika, mangga peningal, lisan, kuping saha anggota tubuh kita ajak pasa ugi. Peningal pasa saking ningali barang-barang ingkang mboten sahe, dosa saha maksiyat.

Halaman:

Editor: Abdul Rosyid


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x