Download Naskah Khutbah Jumat Ramadhan NU Bahasa Jawa PDF: Keistimewaan Ibadah Puasa Ramadhan

- 30 Maret 2023, 19:05 WIB
Download Naskah Khutbah Jumat Ramadhan NU Bahasa Jawa PDF: Keistimewaan Ibadah Puasa Ramadhan
Download Naskah Khutbah Jumat Ramadhan NU Bahasa Jawa PDF: Keistimewaan Ibadah Puasa Ramadhan /Freepik/

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Poso Romadhon diwajibaken mulai bulan Sya’ban tahun kaping kalih (2) Hijriyah. Mulai kanjeng Nabi angsal wahyu pertama ngantos tahun kaping kalih (2) hijriyah, Umat Islam dereng diwajibaken ngelampahi poso. Artosipun, selama kurang langkung 15 tahun sejak Nabi angsal wahyu pertama ngantos tahun kaping kalih hijriyah umat Islam dereng diwajibaken poso.

Nabi Muhammad piambak dakwah wonten ing Makkah selama kurang langkung 13 tahun. Sakmantune niku kanjeng Nabi angsal perintah hijrah wonten ing Madinah. Dados syariat Islam meniko dipun lampahi kelawan bertahap. Sak derengipun wafat, Rasulallah shallallau ‘alaihi wasallam ngelampahi poso Romadhon katahipun ping songo (9).

Hadirin jamaah shalat Jumat rahimakumullah,

Tiang ingkang mboten percados poso Romadhon meniko wajib, mongko tiang kolowahu termasuk kafir, kecuali tiang ingkang nembe mlebet Islam. Utawi tiang muslim tapi piambakipun netepi ten daerah pedalaman ingkang tebih saking poro ulama.

Keranten meniko, kito diwajibaken belajar ilmu poso. Wajib tumrap umat Muslim ngaji utawi melajari babakan poso mulaisaking syarat sah poso, syarat wajib poso, rukun poso, perkawis ingkang batalaken poso lan sak piturutipun ingkang berkaitan kaleh poso.

Imam Bukhori wonten Shahih al-Bukhari nyebataken salah setunggal bab kelawan judul Bab al ‘Ilmi Qabla al Qaul wa al ‘Amal. Hal meniko nuduhaken marang kito bilih kito wajib mempelajari ilmu terkait menopo ingkang badhe kito ucap lan menopo ingkang bahde kito perbuat. Termasuk ibadah Poso Romadhon.

Wonten ing wulan Romadhon meniko, monggo kito belajar Ilmu babakan poso lan ibadah-ibadah lintunipun selama Ramadhan. Sampun ngantos kito tergolong tiang-tiang ingkang dipun sebut kalian kanjeng Nabi Muhammad shallallahu ‘alaihi wasallam:

رُبَّ قَائِمٍ لَيْسَ لَهُ مِنْ قِيَامِهِ إِلَّا السَّهَرُ، وَرُبَّ صَائِمٍ لَيْسَ لَهُ مِنْ صِيَامِهِ إِلَّا الْجُوْعُ وَالْعَطَشُ (رواه ابن ماجه والنسائي وابن حيان وغيرهم)

Artosipun: “Akeh wong sing nguripi wengi kelawan ibadah tapi gak oleh opo-opo teko ibadahe kecuali melekan, lan akeh wong sing poso tapi gak oleh opo-opo teko poso kecuali luwe lan ngelak.” (HR Ibnu Majah, an Nasa’i, Ibnu Hibban dan lainnya)

Halaman:

Editor: Abdul Rosyid


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah

x