PDF Naskah Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Singkat Padat 5 Menit: Tobatlah Sebelum Datang Dua Waktu

- 7 Desember 2023, 19:09 WIB
Ilustrasi PDF Naskah Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Singkat Padat 5 Menit: Tobatlah Sebelum Datang Dua Waktu
Ilustrasi PDF Naskah Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Singkat Padat 5 Menit: Tobatlah Sebelum Datang Dua Waktu /freepik

Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam nate bersabda:

كُلُّ بَنِي آدَمَ خَطَّاءٌ وَخَيْرُ الْخَطَّائِينَ التَّوَّابُونَ

Artosipun: “Kabeh Bani Adam tau nglakoni kaluputan, lan sak becik-becike wong kang salah yaiku kang age-age bertobat.” (HR. Ibnu Majah).

Hadits kasebat kelawan teges nyatakaken bilih sifat manusiawi Bani Adam meniko ngelampahi kelepatan, nanging ingkang paling sae inggih meniko naliko ngelampahi kelepatan langsung rumaosi kelepatanipun lan nyuwun pangapunten dhateng Allah.

Para Jama’ah, kita sedoyo kedah yakin bilih Allah meniko pengeran ingkang Maha Pangapuro atas sedaya dosa ingkang kita lampahaken, baik secara sadar utawi mboten sadar.

Lebeting salah setunggal riwayat dipunsebataken menawi sanadyan dosa kita kathah ngantos ngebaki langit, niscaya Allah badhe paring pangapuro dhateng kita ingkang purun tobat.

Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda:

لَوْ أَخْطَأْتُمْ حَتَّى تَبْلُغَ خَطَايَاكُمْ السَّمَاءَ ثُمَّ تُبْتُمْ لَتَابَ عَلَيْكُمْ

Artosipun: “Sekirane siro kabeh ngelakoni kaluputan nganti kaluputan siro kabeh nggayuh langit lan bumi, banjur siro kabeh bertaubat, niscaya taubat siro kabeh bakal ditompo” (HR. Ibnu Majah).

Sanadyan Allah maha pangapuro, sampun ngantos welasipun Allah ing kawulanipun dipundadosaken kesempatan kangge alasan ngelampahi dosa. Minongko dados kawulanipun Allah, kita kedah njagi dhiri saking lampahan dosa.

Halaman:

Editor: Abdul Rosyid


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah