PDF Naskah Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Singkat Padat 5 Menit: Tobatlah Sebelum Datang Dua Waktu

- 7 Desember 2023, 19:09 WIB
Ilustrasi PDF Naskah Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Singkat Padat 5 Menit: Tobatlah Sebelum Datang Dua Waktu
Ilustrasi PDF Naskah Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Singkat Padat 5 Menit: Tobatlah Sebelum Datang Dua Waktu /freepik

Portal Pati - Berikut ini rekomendasi contoh Naskah Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Singkat Padat tema Tobatlah Sebelum Datang Dua Waktu

Sebagaimana Dikutip PortalPati.com dari khutbahsingkat.com berikut ini teks Naskah Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Singkat Padat 5 Menit: Tobatlah Sebelum Datang Dua Waktu.

Materi khutbah jumat ini ditulis oleh Ustadz Amien Nurhakim, Musyrif Pesantren Luhur Ilmu Hadits Darus-Sunnah.

Baca Juga: Download Teks Khutbah Jumat Bahasa Indonesia tentang Mempersiapkan Bekal Sebelum Kematian

Manusia merupakan tempat salah dan dosa sehingga diperintah agar selalu bertobat baik saat melakukan dosa kecil maupun dosa besar.

Oleh karena itu, pada materi khutbah jumat bahasa jawa PDF singkat padat kali ini akan mengulas tema tentang tobatlah sebelum dua waktu.

Link download PDF Naskah Khutbah Jumat Singkat Bahasa Jawa Singkat Padat 5 Menit: Tobatlah Sebelum Datang Dua Waktu tersedia di akhir teks atau halaman terakhir.

Baca Juga: Dibuka Hari Ini! Seleksi Penerimaan Petugas Haji PPIH 1445 H 2024 M, Catat Ini Jadwal dan Syaratnya

KHUTBAH JUMAT PERTAMA

اَلْحَمْدُ للهِ حَمْداً يُوَافِي نِعَمَهُ وَيُكَافِئُ مَزِيْدَه، يَا رَبَّنَا لَكَ الْحَمْدُ كَمَا يَنْبَغِي لِجَلَالِ وَجْهِكَ الْكَرِيْمِ وَلِعَظِيْمِ سُلْطَانِك. سُبْحَانَكَ اللَّهُمَّ لَا أُحْصِي ثَنَاءً عَلَيْكَ أَنْتَ كَمَا أَثْنَيْتَ عَلَى نَفْسِك. وَأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَّا الله وَحْدَهُ لَا شَرِيْكَ لَه، وَأَشْهَدُ أَنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ وَصَفِيُّهُ وَخَلِيْلُه. خَيْرَ نَبِيٍّ أَرْسَلَه. أَرْسَلَهُ اللهُ إِلَى الْعَالَمِ كُلِّهِ بَشِيرْاً وَنَذِيْراً. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى آلِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ صَلَاةً وَسَلَاماً دَائِمَيْنِ مُتَلَازِمَيْنِ إِلَى يَوْمِ الدِّيْن.

أَمَّا بَعْدُ فَإنِّي أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ الْقَائِلِ فِي كِتَابِهِ الْقُرْآنِ: ۚ وَلَيْسَتِ التَّوْبَةُ لِلَّذِينَ يَعْمَلُونَ السَّيِّئَاتِ حَتَّىٰ إِذَا حَضَرَ أَحَدَهُمُ الْمَوْتُ قَالَ إِنِّي تُبْتُ الْآنَ وَلَا الَّذِينَ يَمُوتُونَ وَهُمْ كُفَّارٌ ۚ أُولَٰئِكَ أَعْتَدْنَا لَهُمْ عَذَابًا أَلِيمًا

Jamaah shalat jemuwah ingkang dirahmati allah subahanahu wa ta’ala

Ing dinten ingkang mulia meniko, khatib ngajak dhateng jamaah sami kangge muji allah subhanahu wa ta’ala lan bershalawat dhateng Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam, saha senantiasa njagi lan nginggahaken ketakwaan dhateng Allah subhanahu wa ta’ala.

Mugi-mugi kaliyan ketakwaan kasebat, kita dipunsukakaken solusi ing masalah ingkang saweg dipunajengi, kita ugi dilimpahi rezeki ingkang mboten kita sangka-sangka, sakepripun allah berfirman lebeting al-Qur’an surah at-Talaq ayat 2 lan 3:

وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُ مَخْرَجًا * وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ ۚ

Artosipun: “Sopo wonge kang bertakwa marang allah niscaya Allah bakal maringi dheweke jalan keluar lan rizki songko arah kang ora disongko-songko.” (QS at-Talaq: 2-3).

Jamaah shalat jemuwah ingkang dirahmati allah subahanahu wa ta’ala

Manungsa inggih meniko makhluk ingkang mboten nate luput saking lampahan dosa. Saben dinten utawi malah saben wekdal, kita sadar utawi mboten sadar, asring nglampahaken lampahan ingkang sejatosipun ndadosaken dosa, baik niku medal lampahan utawi lesan.

Sanadyan kados puniko poro jamaah, kita dipuntuntut kangge tansah bertobat dhateng Allah subhanahu wa ta’ala lan nyuwun ampunan saha rumaosi menawi kita inggih meniko kawulo ingkang ringkih lebet nahan dhiri kangge mboten nglampahaken dosa lan bermaksiat.

Jamaah shalat jemuwah ingkang dirahmati allah subahanahu wa ta’ala

Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam nate bersabda:

كُلُّ بَنِي آدَمَ خَطَّاءٌ وَخَيْرُ الْخَطَّائِينَ التَّوَّابُونَ

Artosipun: “Kabeh Bani Adam tau nglakoni kaluputan, lan sak becik-becike wong kang salah yaiku kang age-age bertobat.” (HR. Ibnu Majah).

Hadits kasebat kelawan teges nyatakaken bilih sifat manusiawi Bani Adam meniko ngelampahi kelepatan, nanging ingkang paling sae inggih meniko naliko ngelampahi kelepatan langsung rumaosi kelepatanipun lan nyuwun pangapunten dhateng Allah.

Para Jama’ah, kita sedoyo kedah yakin bilih Allah meniko pengeran ingkang Maha Pangapuro atas sedaya dosa ingkang kita lampahaken, baik secara sadar utawi mboten sadar.

Lebeting salah setunggal riwayat dipunsebataken menawi sanadyan dosa kita kathah ngantos ngebaki langit, niscaya Allah badhe paring pangapuro dhateng kita ingkang purun tobat.

Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam bersabda:

لَوْ أَخْطَأْتُمْ حَتَّى تَبْلُغَ خَطَايَاكُمْ السَّمَاءَ ثُمَّ تُبْتُمْ لَتَابَ عَلَيْكُمْ

Artosipun: “Sekirane siro kabeh ngelakoni kaluputan nganti kaluputan siro kabeh nggayuh langit lan bumi, banjur siro kabeh bertaubat, niscaya taubat siro kabeh bakal ditompo” (HR. Ibnu Majah).

Sanadyan Allah maha pangapuro, sampun ngantos welasipun Allah ing kawulanipun dipundadosaken kesempatan kangge alasan ngelampahi dosa. Minongko dados kawulanipun Allah, kita kedah njagi dhiri saking lampahan dosa.

Jamaah shalat jemuwah ingkang dirahmati allah subahanahu wa ta’ala

Dados kawula ingkang ringkih lan mboten angsal ngendhani maksiat lan lampahan dosa, mila kita kedah cepet-cepet tobat wiwit saking sameniko. Sampun ngantos kita bertobat lan nyuwun ampunan ing Allah naliko umur sepuh, kaliyan anggepan menawi kita taksih enem lan saras.

Lebeting al-Qur’an, Allah kathah sanget nyebat piyambakipun dados dzat ingkang nampi tobat kawulo-ipun, ingkang mengampuni sedaya dosa-dosa kwulanipun.

Ananging, tobat lan panyuwun ampun dhateng Allah namung dipuntampi menawi saderengipun Dugi kalih wekdal: Pertami nalika pati sampun dugi, lan ingkang kaping kalih nalika dinten kiamat dugi.

Kekait wekdal ingkang pertami, inggih meniko tobat mboten dipuntampi nalika pati sampun dugi, Allah ta’ala berfirman lebet serat an-Nisa’ Ayat 18:

وَلَيْسَتِ التَّوْبَةُ لِلَّذِينَ يَعْمَلُونَ السَّيِّئَاتِ حَتَّىٰ إِذَا حَضَرَ أَحَدَهُمُ الْمَوْتُ قَالَ إِنِّي تُبْتُ الْآنَ وَلَا الَّذِينَ يَمُوتُونَ وَهُمْ كُفَّارٌ ۚ أُولَٰئِكَ أَعْتَدْنَا لَهُمْ عَذَابًا أَلِيمًا

Artosipun , “Lan taubat iku ora ditompo Allah saka wong-wong kang ngelakoni kejahatan (kang) nganti teko pati marang wong ing watara dheweke kabeh, banjur dheweke ngucap, “sabenere aku bertaubat saiki”. Lan ora (uga ditompo taubat) wong-wong kang mati naliko dheweke ing jero kekafiran. Kanggo wong-wong iku wis kito sedyakake siksa kang pedih” (Qs an-Nisa’: 18).

Syekh wahbah az-zuhaili njlentrehaken ayat meniko lebeting karyanipun, al-tafsir al-munir, “dipun tampi tobat setunggaling tiyang kawulo lan ampunan Allah inggih meniko nikmat lan kesaenan kangge tiyang-tiyang ingkang lampah dosa lan terjerumus dhateng lebetipun salami mboten terusan nglampahaken lampahan kasebat. Para kawulo Allah nglampahaken setunggaling kemaksiatan dipunamargikaken amargi wontenipun faktor hawa nafsu lan godaan setan, mila piyambakipun sedaya nggih bertobat saderengipun nyawa wonten ing ujung kerongkongan, malah tobat taksih dipuntampi ing wanci[wekdal] setunggaling tiyang kawulo ningali malaikat ingkang mendhet ruhipun.” (syekh wahbah al-zuhaili, al-tafsir al-munir, [beirut: dar al-fikr al-mu’ashir, 1418] , jilid iv, bab. 294).

Jamaah shalat jemuwah ingkang dirahmati allah subahanahu wa ta’ala

Wondene wekdal ingkang kaping kalih, ing pundi tobat setunggaling tiyang kawulo mboten dipun tampi malih inggih meniko naliko dinten kiamat dugi. Bab meniko skados Firman Allah ta’ala lebet serat al-An’am ayat 158:

هَلْ يَنْظُرُونَ إِلَّا أَنْ تَأْتِيَهُمُ الْمَلَائِكَةُ أَوْ يَأْتِيَ رَبُّكَ أَوْ يَأْتِيَ بَعْضُ آيَاتِ رَبِّكَ ۗ يَوْمَ يَأْتِي بَعْضُ آيَاتِ رَبِّكَ لَا يَنْفَعُ نَفْسًا إِيمَانُهَا لَمْ تَكُنْ آمَنَتْ مِنْ قَبْلُ أَوْ كَسَبَتْ فِي إِيمَانِهَا خَيْرًا ۗ قُلِ انْتَظِرُوا إِنَّا مُنْتَظِرُونَ

Artosipun: “Kang dheweke kabeh arep-arep ora liya namung ketekanan malaekat marang siro kabeh (kanggo nyabut nyawa siro kabeh) utawa ketekanan (siksa) pengeranmu utawa ketekanan pira-pira ayat pengeranmu. Ing dina tekone ayat soko pengeranmu, ora manfaat maneh imane wong marang dheweke kang durung beriman sadurunge iku, utawa dheweke (durung) ngusahakake kabecikan jero masa imane. Ngucapo: “entenono sabenere kito ugo ngenteni”. (QS al-An’am: 158).

Syekh Wahbah al-Zuhaili lebet tafsiripun njlentrehaken menawi ayat ing inggil negasaken menawi tobat lan iman salah setunggaling tiyang ingkang nembe dipun lampahi ing dinten kiamat mboten wonten gunanipun. Kados mboten gunanipun Iman fir’aun naliko nembe rumaosi kuasanipun Allah ing wekdal piyambakipun kelelep ing laut merah. (syekh wahbah al-zuhaili, al-tafsir al-munir, [beirut: dar al-fikr al-mu’ashir, 1418], jilid iv, bab. 294).

Jamaah shalat jemuwah ingkang dirahmati allah subahanahu wa ta’ala

Saking penjelasan ingkang sampun dipunwedharaken kala-wau, kedahipun kita enggal berbenah dhiri lan muhasabah kangge merenung malih bab-bab ingkang sampun kita lampahaken.

Monggo kita itighfar lan nyuwun pangapunten ing keluwargi, sadherek ngantos kanca lan tiyang-tiyang ingkang mungkin nate kita sakiti manahipun. Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam nate bersabda:

BACAAN LAINNYA
Materi Khutbah Jumat Singkat Padat PDF: Tobatlah Sebelum Datang Dua Waktu (B. Indonesia)Materi Khutbah Jumat Bahasa Jawa Paling Singkat PDF Lengkap: Meningkatkan Taubat dan IstighfarMateri Khutbah Jumat Singkat 1 Lembar Paling Pendek: Dua Tingkatan Tobat

يَا أَيُّهَا النَّاسُ تُوبُوا إِلَى اللهِ، فَإِنِّي أَتُوبُ، فِي الْيَوْمِ إِلَيْهِ مِائَةَ، مَرَّةٍ

Artosipun: “Wahai manungsa kabeh, podo tobat marang Allah, amarga sabenere aku uga bertobat marang Allah sedina kaping satus.” (HR. Muslim).

بَارَكَ الله لِي وَلَكُمْ فِي اْلقُرْآنِ اْلعَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنْ آيَةِ وَذِكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا فَأسْتَغْفِرُ اللهَ العَظِيْمَ إِنَّهُ هُوَ الغَفُوْرُ الرَّحِيْم

KHUTBAH KEDUA

الْحَمْدُ لِلَّهِ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ ثُمَّ الْحَمْدُ لِلَّهِ. أَشْهَدُ أنْ لآ إلَهَ إِلَّا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وَأَشْهَدُ أنَّ سَيِّدَنَا مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ الَّذِيْ لَا نَبِيّ بعدَهُ. اَللَّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى نَبِيِّنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِهِ وَأَصْحَابِهِ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ القِيَامَةِ

أَمَّا بَعْدُ، فَيَا أَيُّهَا النَّاسُ أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِيْ بِتَقْوَى اللهِ فَقَدْ فَازَ الْمُتَّقُوْنَ. فَقَالَ اللهُ تَعَالَى: إِنَّ اللهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّوْنَ عَلَى النَّبِيِّ، يٰأَ يُّها الَّذِيْنَ آمَنُوْا صَلُّوْا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوْا تَسْلِيْمًا. اَللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى أَلِ سَيِّدَنَا مُحَمَّدٍ.

اللهُمَّ اغْفِرْ لِلْمُؤْمِنِيْنَ وَاْلمُؤْمِنَاتِ وَاْلمُسْلِمِيْنَ وَاْلمُسْلِمَاتِ، اَلْأَحْياءِ مِنْهُمْ وَاْلاَمْوَاتِ. اللهُمَّ ادْفَعْ عَنَّا اْلبَلاَءَ وَاْلوَبَاءَ والقُرُوْنَ وَالزَّلاَزِلَ وَاْلمِحَنَ وَسُوْءَ اْلفِتَنِ وَاْلمِحَنَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ عَنْ بَلَدِنَا إِنْدُونِيْسِيَّا خآصَّةً وَسَائِرِ اْلبُلْدَانِ اْلمُسْلِمِيْنَ عامَّةً يَا رَبَّ اْلعَالَمِيْنَ اللَّهُمَّ أَرِنَا الْحَقَّ حَقًّا وَارْزُقْنَا اتِّبَاعَهُ وَأَرِنَا الْبَاطِلَ بَاطِلًا وَارْزُقْنَا اجْتِنَابَهُ. رَبَّنَا آتِناَ فِى الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِى اْلآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. وَاَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعٰلَمِيْنَ

عٍبَادَ اللهِ، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِاْلعَدْلِ وَاْلإِحْسَانِ وَإِيْتاءِ ذِي اْلقُرْبىَ وَيَنْهَى عَنِ اْلفَحْشاءِ وَاْلمُنْكَرِ وَاْلبَغْيِ يَعِظُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ، وَاذْكُرُوا اللهَ اْلعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ، وَاشْكُرُوْهُ عَلىَ نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ، وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَرْ

Download Khutbah Singkat PDF Bahasa Jawa Singkat Padat 5 Menit: Tobatlah Sebelum Datang Dua Waktu.

***

Editor: Abdul Rosyid


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah