Contoh Naskah Khutbah Jumat Akhir Ramadhan Bahasa Jawa: Wulan Romadhon Wulane Al-Quran

- 5 April 2024, 05:15 WIB
Ilustrasi: Teks Khutbah Jumat, 17 November: Ikhtiar Membantu Terwujudnya Perdamaian di Palestina dalam Bahas Arab
Ilustrasi: Teks Khutbah Jumat, 17 November: Ikhtiar Membantu Terwujudnya Perdamaian di Palestina dalam Bahas Arab /Instagram/@khodimun_story

Artosipun: Hei wongkang podo iman, patuho siro kabeh marang Gusti Allah, Rasul, lan wongkang duweni peperintahan saking siro kabeh.. (Annisa: 59)

Sholawat serto salam tansah keaturaken dumateng Kanjeng Nabi Muhammad, keluarga, sahabat ingkang sampun paring kito tuntunan akhlak mulyo, amal kesaenan lan njungkung ibadah, hinggo ndadosaken kito saget iman lan ndredeg atine. Gusti Allah dawuh:

إِنَّمَا الْمُؤْمِنُونَ الَّذِينَ إِذَا ذُكِرَ اللَّهُ وَجِلَتْ قُلُوبُهُمْ وَإِذَا تُلِيَتْ عَلَيْهِمْ آيَاتُهُ زَادَتْهُمْ إِيمَانًا وَعَلَى رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُونَ

Artosipun: Saktemene wong mukmin iku wong kang nalikane iling marang Gusti Allah, mongko atine gemeter, lan nalikane ayat Al-Quran diwaosake, mongko soyo mundak imane, lan mundak tawakkal marang Gusti Allah (Al-Anfal: 2)


Hadirin Ingkang Minulyo

Sakmangke kito sami mlebet wulan poso Romadhon ingkang dipun wastani wulane Al-Quran. Katah kautamaan ingkang dumawah ing lebete wulan meniko. Gusti Allah dawuh:

شَهْرُ رَمَضَانَ الَّذِيْٓ اُنْزِلَ فِيْهِ الْقُرْاٰنُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَبَيِّنٰتٍ مِّنَ الْهُدٰى وَالْفُرْقَانِۚ

Artosipun: Wulan Romadhon niku wulan dipun turunaken Al-Quran dados pituduh lan mertelaaken marang menungso antawis haq lan batil (QS Al-Baqarah [2]: 185)

Ayat puniko njelasaken bilih Al-Quran dipun turunaken kanti utuh saking Lauhul Mahfud marang Baitul Izzah ingdalem wulan Romadhon, tepat ing malem lailatul Qadar. Pendapat niki dipun sampekaken kaliyan poro ulama kados Ibnu Katsir, Al-Razi, Abdurrahman As-Sa’di lan lintune. Saking meniko saget dipun pahami bilih wulan Romadhon nggadah kautamaan ingkang ageng lan kedah dipun isi kaliyan amalan-amalan ingkang mulyo kados tadarus Al-Quran saben dinten. Nopo maleh ngantos ati ndredeg lan soyo ajrih marang Gusti Allah.

 

Halaman:

Editor: Uswatun Khasanah


Tags

Artikel Pilihan

Terkait

Terkini

Terpopuler

Kabar Daerah